Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi, kanggo Yedutun. Masmuré Daved. |
| 2 |
| Gagasané mengkéné: “Aku tak ngati-ati, supaya aku aja nganti nglakoni dosa karo ilatku, tutukku tak jaga karo tak brangus, sak njeruhné wong duraka ijik ing ngarepku.” |
| 3 |
| Aku mbisu, aku meneng, aku mbisu, aku adoh karo bab sing betyik, nanging sangsaraku mundak abot banget. |
| 4 |
| Atiku panas ing njeruhku, murup kaya geni waktu aku sambat; aku ngomong karo ilatku: |
| 5 |
| “Duh GUSTI, Panjenengan supaya gelem ngekèki ngerti bab pati kula, uga bab watesé umur kula, supaya kula ngerti yèn kula kuwi ora langgeng! |
| 6 |
| Lah suwéné umur kula kuwi wis Panjenengan temokké mung sak untara; lan urip kula kuwi kaya barang sing kosong ing ngarepé Panjenengan, pantyèn saben wong kuwi mung salah sijiné bab sing tanpa guna. |
| 7 |
| Manungsa kuwi mung kaya ayang-ayang sing liwat, mung usrek waé bab barang sing tanpa guna, numpuk-numpuk nanging ora ngerti sapa sing bakal njukuki mengko. |
| 8 |
| Dadi saiki sing kula arep-arep kuwi apa, duh Gusti? Mung Panjenengan waé sing kula arep-arep. |
| 9 |
| Panjenengan supaya gelem ngluwari kula sangka kabèh kesalahan, kula aja nganti dadi tyatyatané wong gemblung. |
| 10 |
| Kula mingkem, ora mbukak tutuk kula, awit Panjenengan déwé sing nandangi. |
| 11 |
| Panjenengan supaya gelem nyingkirké panyiksa Panjenengan sangka kula, kula remuk-rempu awit sangka gepukané Panjenengan. |
| 12 |
| Panjenengan ngajar wong nganggo ukuman, jalaran kesalahan; kamulyané Panjenengan lebur kaya rayap, pantyèn saben wong kuwi mung bab sing tanpa guna. |
| 13 |
| Duh GUSTI supaya gelem ngrungokké pandonga kula, lan ngrungokna sambat kula, nètèsé eluh kula aja Panjenengan ejarké waé, awit kula kuwi mondok ing ngarepé Panjenengan, wong mantya kaya para leluhur kula. |
| 14 |
| Panjenengan supaya ngunduri kula, supaya kula bisa seneng, sak durungé kula lunga lan ora ana menèh.” |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/039.mp3
150
39