Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi, karo musik swarané senar. Masmuré Daved. |
| 2 |
| Yèn kula sambat, supaya gelem nyauri, duh Gusti Allah sing mbenerké kula. Ing njeruhné kangèlan Panjenengan sing ngekèki katentreman marang kula, supaya ngekèki kawelasan marang kula lan ngrungokké pandonga kula! |
| 3 |
| Hé para wong lanang, nganti sepira suwéné kaluhuranku diwirangké, nganti sepira suwéné enggonmu pada nyenengi marang sing tanpa guna, lan enggonmu nguber marang sing goroh? |
| 4 |
| Pada ngertia yèn GUSTI wis milih sing dadi katrésnan-Né; GUSTI ngrungokké yèn aku ndedonga marang Panjenengané. |
| 5 |
| Gregetana nanging aja nganti nggawé dosa, mikira sak njeruhné atimu ing peturonmu, nanging tetepa meneng. |
| 6 |
| Pada masrahna kurban sing bener, lan pertyayaa marang GUSTI. |
| 7 |
| Okèh wong sing pada ngomongké mengkéné: “Sapa sing bakal ngekèki weruh sing betyik marang kita?” Duh GUSTI, Panjenengan, supaya nylorotké padangé praupan Panjenengan marang kita. |
| 8 |
| Panjenengan wis ngekèki kabungahan okèh marang kula, ngungkuli wong-wong kuwi, waktuné panèn jagung lan anggur okèh. |
| 9 |
| Karo ayem-tentrem kula bakal lèyèh-lèyèh terus gelis turu, awit duh GUSTI, mung Panjenengan sing ndadèkké kula manggon karo tentrem. |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/004.mp3
150
4