Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi. Masmuré Daved. |
| 2 |
| Rahayu wong sing nggatèkké marang wong sing ringkih! Wong kuwi bakal ditulungi GUSTI ing waktu ngalami sangsara. |
| 3 |
| GUSTI bakal ngayomi lan ngrumati nyawané, nganti diarani wong beja ing bumi; Panjenengan ora bakal nglilani dèwèké dienggo dolanan karo mungsuhé! |
| 4 |
| Yèn ngalami lara, diréwangi karo GUSTI ing peturoné, Panjenengan maraské larané babar pisan. |
| 5 |
| Kanggo aku, omonganku mengkéné: “Duh GUSTI kula supaya Panjenengan welasi, kula supaya Panjenengan waraské, awit enggèn kula nggawé dosa kuwi marang Panjenengan.” |
| 6 |
| Mungsuhku pada nyatur aku ala: “Mbésuk kapan matiné wong kuwi, lan entèkké jenengé?” |
| 7 |
| Wong sing tilik aku, rembukané goroh: atiné kebak sing ala, bareng metu kuwi diomong-omongké. |
| 8 |
| Kabèh wong sing sengit marang aku pada bisik-bisikan bab aku, pada ngrantyam sing ala marang aku: |
| 9 |
| “Wong kuwi wis ngalami lara sing ndrawasi, enggoné ngglétak ora bakal bisa tangi menèh.” |
| 10 |
| Uga kantyaku sing tak pertyaya, sing mangan bebarengan karo aku, kuwi uga ngetungké tungkaké marang aku. |
| 11 |
| Nanging Panjenengan duh GUSTI, supaya gelem melasi kula lan jejekké kula, kula terus bakal mbales marang wong-wong kuwi. |
| 12 |
| Awit sangka mengkéné kula ngerti, yèn Panjenengan seneng marang kula, kuwi menawa ora dadi dalané satru kula terus surak-surak. |
| 13 |
| Nanging kula, Panjenengan bopong kula, awit sangka temen kula, lan Panjenengan jejekké ing ngarepé Panjenengan ing sak lawas-lawasé. |
| 14 |
| Pinujia GUSTI, Gusti Allahé Israèl, wiwit ing kelanggengan tekan ing kelanggengan! Amin, Amin. |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/041.mp3
150
41