×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 44

1
Kanggo juru penyanyi. Sangka turunané Korah. Kidung piwulang.
2
Duh Gusti Allah, kula wis krungu déwé, sangka para mbah kula sing pada nyritani kula, bab penggawéané sing wis Panjenengan tandangi waktu jamané, ya waktu jaman mbiyèn.
3
Bangsa liya wis pada Panjenengan tundung déwé karo tangan Panjenengan, nanging para mbah pada Panjenengan tandur, taler-taleré bangsa pada Panjenengan nggawé sangsara, nanging para mbah pada Panjenengan dadèkké tangkar tumangkar.
4
Awit ora karo pedang anggèné pada ngenggoni negara, duduk tangané sing ndadèkké menang, nanging tangan tengen Panjenengan, bau Panjenengan lan padangé praupan Panjenengan, awit pada nggawé seneng Panjenengan.
5
Ya, Panjenengan déwé kuwi sing ngadek dadi Ratu lan Gusti Allah kula, sing mréntahké kemenangan Yakub.
6
Karo pitulungan Panjenengan kita bisa ngembrukné mungsuh, lan awit sangka asma Panjenengan kita bisa ngiles-ngiles para wong sing nglawan kita.
7
Awit duduk panah kula sing kula endelké, duduk pedang kula sing ndadèkké menang,
8
nanging Panjenengan sing ngekèki kemenangan marang kita yèn kita nglawan mungsuh, lan Panjenengan sing ngekèkké wong-wong sing pada nyengiti kita.
9
Awit sangka Gusti Allah kita sedina muput pada mujèkaké kidung pamuji, lan asma Panjenengan pada kita puji ing sak lawasé.
10
Nanging saiki kita pada Panjenengan kipatké lan Panjenengan meneng waé, kita pada kewirangan. Panjenengan ora metu nuntun mlakuné suradadu kita.
11
Panjenengan nggawé mundur kita sangka ngarepé mungsuh kita lan wong sing pada nyengiti kita pada ngrampok kita.
12
Panjenengan pasrahaké kita kaya wedus sing dibelèh, lan kita pada Panjenengan sebar ing antarané para bangsa.
13
Umat Panjenengan, Panjenengan edol karo murah-murahan lan ora njupuk bati sangka dodolan kuwi.
14
Panjenengan dadèkké kita tyatyatan karo tangga-teparo kita, digawé gegojèkan lan diwirang-wirangké karo wong-wong ing sak kiwa-tengené kita.
15
Panjenengan dadèkké kita tembungan antarané para bangsa, lan jalarané para taleré bangsa pada gèdèk-gèdèk.
16
Sedina muput reget kula ing ngarep kula, lan praupan kula ketutupan karo kewirangan,
17
awit sangka tembung-tembungé wong sing nyatyat lan ora ngajèni, ing ngarepé mungsuh lan wong sing seneng mbales ala.
18
Kabèh iki wis tyeblok ing awak kita, nanging kita ora lali marang Panjenengan, ya ora goroh marang perjanjian Panjenengan.
19
Ati kita pada ora mbangkang, lan mlaku kita pada ora nyimpang sangka dalan Panjenengan,
20
senajan Panjenengan wis ngremuk kita ing kumpulané asu alasan, lan Panjenengan nutupi kita karo pepeteng.
21
Yèn kita pada lali marang asmané Gusti Allah kita, lan megarké tangan kita marang allah liyané,
22
apa Gusti Allah ora bakal weruh sing kaya mengkéné kuwi? Awit Gusti weruh kahanané ati?
23
Tenan, awit sangka Panjenengan, kita pada ing njeruhné bebaya pati saben dina, lan dipadakké karo wedus belèhan.
24
Duh Gusti, supaya Panjenengan gelem tangi, kenèng apa Panjenengan turu? Supaya Panjenengan gelem tangi, aja nganti tansah ngipatké kita.
25
Uga Panjenengan nutupi praupan Panjenengan, lan ora éling marang enggèn kita pada ditindes lan disia-sia?
26
Nanging nyawa kita kependem ing lebu, awak kita kelèt ing lemah.
27
Supaya Panjenengan gelem ngadek mitulungi kita kabèh, lan gelem ngluwari kita awit sangka kawelasan Panjenengan.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan