Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung. Saka bani Korakh. Kidung piwulang: kidung katresnan. |
| 2 |
| Atiku ngluberake tembung kang ngresepake, aku arep ngunjukake kekidunganku marang Sang Prabu; ilatku iku dadi pene juru-tulis kang wasis. |
| 3 |
| Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa, lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahi dening Gusti Allah ing salami-laminipun. |
| 4 |
| Dhuh Sang Prawira, pedhang dalem panjenengan dalem sengkelit, ing salebeting kaluhuran saha kamulyan dalem! |
| 5 |
| Ing salebeting kamulyan dalem punika kawula aturi majeng dhemi kaleresan, peri kamanungsan saha kaadilan! Asta dalem tengen supados ngunjukna piwulang dhumateng panjenengan dalem bab pandamel ingkang ngedab-edabi! |
| 6 |
| Jemparing dalem sami landhep-landhep nembus manahipun para mengsahipun Sang Prabu, para bangsa sami sumungkem ing ngandhapipun sampeyan dalem. |
| 7 |
| Dhampar punika kagunganipun Gusti Allah, kangge ing salajengipun saha salaminipun, jungkatipun kaprabon dalem punika jungkating kaleresan. |
| 8 |
| Panjenengan dalem resep dhateng kaadilan saha gething dhateng duraka; mila Gusti Allah, Allah paduka sampun njebadi panjenengan dalem kalayan lisah minangka tandhaning kabingahan nglangkungi para mitra golongan dalem. |
| 9 |
| Busana dalem sadaya ngganda blendok mur, kajeng garu tuwin cendhana, saking kadhaton gadhing swaraning clempung damel renaning pangalih dalem; |
| 10 |
| para putrining ratu sami kagolong kaliyan para kekasih dalem, Sang Prameswari jumeneng wonten ing tengen dalem, ngagem busana kencana saking Ofir. |
| 11 |
| Dhuh Sang Putri, panjenengan dalem kawula aturi mirsani, mugi karsaa nilingaken talingan dalem, sampun ngengeti dhateng bangsa dalem sarta sadaya isining padalemanipun rama dalem! |
| 12 |
| Sang Prabu supados kasengsem margi saking endahing sarira dalem, awit punika gusti dalem! Kawula aturi nyembah wonten ing ngarsanipun. |
| 13 |
| Putri ing Tirus marak mbekta pisungsung; para tiyang sugih ing antawisipun rakyat sami sowan badhe ngasih-asih dhumateng panjenengan dalem. |
| 14 |
| Putrine Sang Prabu iku dadi kaendahan ana ing njero, busanane sinulaman benang mas. |
| 15 |
| Anggone kasowanake marang ngarsane Sang Prabu ngagem busana sulaman manca warna, kadherekake dening para kenya mitrane, yaiku para kang padha katimbalan kagem panjenengane. |
| 16 |
| Iku padha kasowanake kalawan suka-suka lan asurak-surak, padha lumebu ing kadhatone Sang Prabu. |
| 17 |
| Para putra dalem prayoginipun sami nggentosana para leluhur dalem, tuwin sami panjenengan dalem wisudha dados pangageng wonten ing salumahing bumi. |
| 18 |
| Kawula sami badhe nyuwuraken asma dalem ngantos turun-tumurun, mila sakathahipun bangsa sami badhe memuji dhumateng panjenengan dalem ing salajengipun saha ing salaminipun. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/045.mp3
150
45