Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi. Sangka turunané Korah. Kidungé: Wong wadon nom. Kidungan. |
| 2 |
| Gusti Allah kuwi dadi panggonan pengayoman lan karosan kita, nyata banget enggoné mitulungi sak njeruhné kangèlan. |
| 3 |
| Mulané kita ora bakal giris, senajan bumi nganti ngalih panggonané, lan gunung-gunung pada gonjing ing telengé segara; |
| 4 |
| senajan ombaké lan banyuné muntuk, lan senajan gunung pada horek awit sangka molak-maliké ombak. |
| 5 |
| Ana kali sing iliné mbungahké kutané Gusti Allah, omahé sing Mahaluhur. |
| 6 |
| Gusti Allah ing kono, mulané ora bakal gonjang-ganjing, lan bakal dipitulungi karo Gusti Allah ing wayah ésuk. |
| 7 |
| Para bangsa pada gègèr, kabèh kraton pada gonjing, Panjenengané ngetokké swarané, bumi nganti ajur mumur. |
| 8 |
| GUSTI sing ngwasani langit lan bumi nunggal karo kita, Gusti Allahé Yakub kuwi dadi bèntèng kita. |
| 9 |
| Pada lungaa, sawangen penggawéané GUSTI, sing nganakké pangrusakan ing bumi, |
| 10 |
| sing ngendek peperangan nganti tekan pungkasané bumi, sing nugel gendéwa lan ngentulké tumbak, sing ngobongi kréta perang karo geni. |
| 11 |
| “Menenga lan ngertia, yèn Aku iki Gusti Allah! Aku diluhurké ing tengahé para bangsa, diluhurké ing bumi!” |
| 12 |
| GUSTI sing ngwasani langit lan bumi nunggal karo kita, Gusti Allahé Yakub kuwi bèntèng kita. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/046.mp3
150
46