×

Kitab Sutji 1981

JABUR 53

1
Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Mahalat. Kidung piwulange Prabu Dawud.
2
Wong gemblung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah!” Kaculikan kang padha dilakoni iku rusuh lan nistha banget, ora ana kang nglakoni kabecikan.
3
Gusti Allah mirsani mangisor saka ing swarga marang para anaking manungsa, karsa nguningani apa ana kang duwe budi, lan kang ngupaya marang Gusti Allah.
4
Kabeh wus padha nyimpang, kabeh wus padha bubrah; ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.
5
Para wong kang nglakoni piala iku apa ora ngrumangsani, yen padha memangan marang umatingSun nganti entek kaya mangan roti, lan ora nyebut marang asmane Gusti Allah?
6
Ana ing kono padha ketaman ing pagiris, sanadyan ora ana kang marakake giris; amarga Gusti Allah nyebar balung-balunge wong kang padha ngepung kowe, wong iku bakal padha kawirangake, amarga wus padha katampik dening Gusti Allah.
7
Muga-muga pangentasane Israel tekaa saka ing kutha Sion! Manawa Gusti Allah maluyakake kaanane umate maneh, Yakub bakal surak-surak, Israel bakal bungah-bungah.
Javanese Bible 1981
Javanese Bible Indonesian Bible Society, 1981
:
Simpen Cathetan