Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi. Ya kuwi karo swarané siter. Kidung piwulangé Daved, |
| 2 |
| waktu wong Sif pada teka ing ngarepé Saul lan ngomong: “Daved ndelik ing panggonan kula.” |
| 3 |
| Duh Gusti Allah, Panjenengan supaya gelem mitulungi kula awit sangka asma Panjenengan, kula supaya Panjenengan kèki keadilan awit sangka kekuwatan Panjenengan. |
| 4 |
| Duh Gusti Allah, Panjenengan gelem ngrungokké pandonga kula, lan supaya gelem ngrungokké omongé tutuk kula. |
| 5 |
| Awit ana wong nyawang karo sombong sing pada nglawan kula; wong sing gemunggung pada arep njabut nyawa kula; wong-wong iki pada ora ngrèwès marang Gusti Allah. |
| 6 |
| Sak temené Gusti Allah kuwi sing mitulungi aku; Gusti kuwi sing ngemong uripku. |
| 7 |
| Penggawé alané mbalika marang satru-satruku, supaya pada Panjenengan tumpes awit sangka kasetian Panjenengan. |
| 8 |
| Kula bakal ngekèki kurban karo sak kabèhé ati, duh GUSTI, kula bakal memuji asma Panjenengan, awit asma Panjenengan kuwi apik. |
| 9 |
| Awit Panjenengan ngluwari kula sangka kabèh kangèlan, lan mripat kula nyawang mungsuh kula. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/054.mp3
150
54