Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Manuk dara ing wit terbantin kang adoh. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika panjenengane dicekel bangsa Filisti ana ing kutha Gat. |
| 2 |
| Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, margi tiyang-tiyang sami ngidak-idak kawula, sarta kawula dipun perangi saha dipun pepetaken sadinten muput. |
| 3 |
| Mengsah-mengsah kawula sami ngidak-idak kawula sadinten muput, malah kathah tiyang ingkang nglawan kawula kalayan gumunggung. |
| 4 |
| Manawi kawula ajrih, kawula punika kumandel dhumateng Paduka; |
| 5 |
| Gusti Allah, kang pangandikane dakalembana, iya Gusti Allah iku kang dakandelake, mulane aku ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku? |
| 6 |
| Sadinten-dinten sami ngruwedaken prakawis kawula, sami tansah gadhah kekajengan badhe nandukaken piawon dhateng kawula, |
| 7 |
| sami badhe nempuh, ngintip saha ngawasaken dhateng lampah kawula, kados tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula. |
| 8 |
| Tiyang wau punapa saged oncat, manawi ngengeti durakanipun wau? Dhuh Allah, para bangsa mugi sami Paduka rebahaken klayan bebendu Paduka. |
| 9 |
| Kasangsaran kawula punika Paduka ingkang ngetang-etang, luh kawula Paduka rimat wonten ing impes Paduka; sadaya rak sampun sami Paduka cathet wonten ing Kitab Paduka? |
| 10 |
| Mungsuhku banjur padha mundur nalika aku sesambat, aku yakin yen Gusti Allah nunggil karo aku. |
| 11 |
| Gusti Allah, kang sabdane dakegungake, Pangeran Yehuwah, kang sabdane dakegungake. |
| 12 |
| Gusti Allah, kang dakendelake, mulane aku ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku? |
| 13 |
| Dhuh Allah, nadar kawula badhe kawula tetepi wonten ing ngarsa Paduka, kawula badhe ngaturaken kurban panuwun dhumateng Paduka. |
| 14 |
| Amargi Paduka sampun ngluwari nyawa kawula saking pejah, malah njagi suku kawula, satemah boten kesandhung; mila kawula saged lumampah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, ing pepadhanging gesang. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/056.mp3
150
56