Kanggo juru penyanyi. Miturut nyanyian: Manuk dara ing wit terbantin sing adoh. Miktam masmur Daved, waktu Panjenengané dityekel bangsa Filistèn ing kuta Gat.
Kasangsarané kula Panjenengan sing ngitung-itung, luh kula Panjenengan wadahi ing kendi Panjenengan; kabèh apa ora wis pada Panjenengan tyateti ing kitab Panjenengan?
Awit Panjenengan wis ngluwari nyawa kula sangka pati, malah njaga sikil kula, terus ora kesandung; mila kula bisa mlaku ing ngarepé Gusti Allah, ing pepadangé urip.