Kula supaya Panjenengan welasi, duh Gusti Allah, kula supaya Panjenengan welasi, awit mung Panjenengan sing dadi pangayomané nyawa kula; kula ndelik ing ngisoré swiwi Panjenengan, nganti bebaya kuwi wis lunga.
Gusti Allah supaya gelem kongkonan sangka swarga ngluwari aku, lan ngisin-isinké wong sing ngidak-idak aku. Gusti Allah supaya gelem ngirimké kawelasan lan kebenerané.
Aku ngglétak ing tengah-tengahé singa-singa, sing seneng nubruk anak-anaké manungsa, sing untuné kaya tumbak lan panah, lan sing ilaté kaya pedang landepé.
Duh Gusti Allah, Panjenengan supaya gelem nduduhké kaluhuran Panjenengan, nganti teka ing sak nduwuré langit, lan kamulyan Panjenengan supaya ngliwati sak lumahé bumi.
Duh Gusti Allah, Panjenengan supaya gelem ngétokké kaluhuran Panjenengan nganti teka ing sak nduwuré langit, lan kamulyan Panjenengan supaya ngliwati sak lumahé bumi.