×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 6

1
Kanggo juru penyanyi karo musik swarané senar. Miturut sing kaping wolu. Masmuré Daved.
2
Duh GUSTI, kula supaya mboten Panjenengan ukum karo nesuné Panjenengan, supaya mboten Panjenengan siksa karo panasé nesuné Panjenengan.
3
Duh GUSTI, kula supaya Panjenengan welasi, awit kula gloyoran. Duh GUSTI, kula supaya Panjenengan waraské, awit balung kula pada gemeter,
4
lan nyawa kula banget kagèt. Nanging Panjenengan, duh GUSTI, ijik sak pira suwéné?
5
Duh GUSTI, Panjenengan, supaya mbalik marang kula, lan nylametaké nyawa kula, supaya gelem ngluwari kula, awit sangka kawelasan Panjenengan.
6
Awit ing ndonyané wong mati ora ana wong sing ngéling-éling marang Panjenengan, ing panggonané wong mati, sapa sing bakal memuji marang Panjenengan?
7
Kula wis semplak awit sangka nggresah kula, ing saben wengi ambèn kula kebanjiran karo luh kula, bantal kula katelesan karo luh kula.
8
Mripat kula nganti mbendol awit sangka kasusahan, lan mblereng jalaran kabèh mungsuh kula.
9
Hé! wong sing pada nggawé ala, nyingkira sangka ngarepku, awit GUSTI wis krungu tangisku.
10
GUSTI wis krungu penjalukku, GUSTI nampani pandongaku.
11
Kabèh mungsuhku pada kewirangan lan kagèt banget, lan mundur sakwat lan sak kedèpan kisinan kabèh.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan