×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 61

1
Kanggo juru penyanyi. Ya kuwi swarané siter. Masmuré Daved.
2
Duh Gusti Allah, supaya gelem ngrungokké sambat kula, pandonga kula supaya dirungokké!
3
Sangka pungkasané bumi kula nyebut asma Panjenengan, awit ati kula lemes nglokro, Panjenengan supaya gelem nuntun kula munggah ing gunung watu sing keduwuren kanggo kula.
4
Panjenengan kuwi tenan dadi panggonan pengayoman kula, menara sing kuwat ing ngarepé mungsuh.
5
Kula supaya Panjenengan lilani manggon ing tarup Panjenengan sak lawas-lawasé, lan ndelik ing ngisoré swiwi Panjenengan!
6
Duh Gusti Allah, Panjenengan tenan wis ngrungokké janji kula, wis nuruti penjaluké para wong sing ngabekti marang Panjenengan.
7
Panjenengan supaya gelem nambahi umuré ratu, taun-taun uripé bisaa nganti turun-temurun.
8
Supaya anggèné dadi ratu ing ngarepé Gusti Allah bisa lestari ing sak lawas-lawasé, kawelasan lan kasetian Panjenengan dipréntahké njaga piyambaké.
9
Kula bakal ngidungké asma Panjenengan karo masmur ing sak lawasé, lan ngluwari janji kula ing saben dinané.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan