Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Kanggo lurah pasindhen. Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud. |
| 2 |
| Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem, kaslametanku iku saka ing Panjenengane. |
| 3 |
| Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku, kutha betengku, aku ora bakal gloyoran. |
| 4 |
| Sapira suwene anggonmu padha arep ngroyok sawijining wong, arep kokremuk, he kowe kabeh, kaya tembok kang dhoyong utawa tembok kang arep rubuh? |
| 5 |
| Sedyane mung arep njorogake wong mau saka ing kalungguhane kang dhuwur, padha dhemen goroh, cangkeme padha ngucapake berkah, nanging batine padha ngipat-ipati. (Selah) |
| 6 |
| Kantentremanku mung ana ing Gusti Allah, amarga kang dakarep-arep iku pinangkane saka ing Panjenengane. |
| 7 |
| Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku, kutha betengku, aku ora bakal gloyoran. |
| 8 |
| Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku; peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah. |
| 9 |
| He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane, sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane, Gusti Allah iku pangayoman kita. (Selah) |
| 10 |
| Satemene wong asor iku mung angin, para wong kang mulya iku mung pagorohan; yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur, amarga luwih entheng katimbang angin. |
| 11 |
| Aja ngandel marang panindhesan, aja nduweni pangarep-arep kang tanpa isi marang barang rayahan; manawa mundhak bandhamu, atimu aja rumaket mrono. |
| 12 |
| Gusti Allah ngandika sapisan, rong prakara kang dakrungu, manawa panguwasa iku pinangkane saka Gusti Allah, |
| 13 |
| saha, Pangeran, sih-kadarman punika ugi saking Paduka; amargi Paduka paring piwales dhateng saben tiyang miturut pandamelipun. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/062.mp3
150
62