×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 63

1
Masmuré Daved, waktu ing ara-ara samun Yéhuda.
2
Duh Gusti Allah, Panjenengan kuwi Gusti Allah kula, kula nggolèki Panjenengan, nyawa kula ngelak marang Panjenengan; daging kula kangen marang Panjenengan; kaya lemah sing garing lan gundul, kesatan banyu.
3
Kaya mengkono enggèn kula ndangak marang Panjenengan ing panggonan sutyi, karo nyawang marang karosan lan kamulyan Panjenengan.
4
Awit kawelasan Panjenengan luwih apik tenimbangané urip; lambé kula bakal memuji asma Panjenengan.
5
Ya mengkono kuwi enggèn kula bakal ngluhurké Panjenengan sak lawasé kula urip, ngumbulké tangan kula awit sangka asma Panjenengan.
6
Nyawa kula kaya warek karo gajih lan sungsum, karo lambé sing surak-surak tutuk kula masrahké pamuji.
7
Yèn kula ing ambèn kèlingan marang Panjenengan, sewengi muput enggèn kula nggagas marang Panjenengan,
8
sakjané Panjenengan wis dadi pitulungan kula, lan kula bisa surak-surak ing ngisoré swiwi Panjenengan.
9
Nyawa kula rumaket marang Panjenengan, lan tangan tengen Panjenengan nyekel kula.
10
Nanging wong sing pada arep njabut nyawa kula, pada tiba ing telengé bumi;
11
pada bakal dipasrahké ing pangwasané pedang lan bakal dadi pangané asu alasan.
12
Nanging ratu bakal sukak-sukak, awit sangka Gusti Allah; sapa waé wong sing sumpah ing asmané Gusti Allah, bakal nggunggung asmané Gusti, awit kabèh wong goroh pada kebungkem tutuké.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan