×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 65

1
Kanggo juru penyanyi. Masmuré Daved. Kidungan.
2
Duh Gusti Allah, pamuji iki kanggo Panjenengan ing Sion, lan kanggo wong ngluwari janji ing ngarepé Panjenengan.
3
Panjenengan sing ngrungokké pandonga. Kabèh sing urip teka ing ngarepé Panjenengan
4
awit kesalahan. Yèn kesalahan kula ngliwati kekuwatan kula, Panjenengan sing nglebur.
5
Rahayu wong sing Panjenengan pilih lan Panjenengan tyeluk nyedek, supaya manggon ing plataran Panjenengan! Kula pada warek karo kamulyané griya Panjenengan, ya griya sutyi Panjenengan.
6
Duh Gusti Allah Juruslamet kula, Panjenengan sing dadi pengandel-andelé sak lumahé bumi, uga puluh-puluh sing adoh-adoh; karo penggawé sing ngidap-idapi banget lan karo keadilan enggèn Panjenengan nyauri kula.
7
Panjenengan sing jejekké kabèh gunung nganggo kekuwatan Panjenengan, Panjenengan sing sabukan kekuwatan;
8
Panjenengan sing nyirep ombaké segara, lan jembleguré ombak, uga gègèré para bangsa!
9
Awit sangka kuwi wong-wong sing manggon ing pojok-pojokané bumi pada wedi marang tanda-tanda mujijat Panjenengan; panggonan njedulé ésuk lan mbengi, Panjenengan gawé surak-surak.
10
Panjenengan ngéndangi bumi lan Panjenengan kèki kalubèran, kali-kaliné Gusti Allah pèrès banyuné, gandumé Panjenengan tyawiské, ya mengkono kuwi enggèn Panjenengan nyawiské sak kabèh-kabèhé:
11
Kalèn-kalèné gulutan Panjenengan elepi banyu, prongkolané Panjenengan telesi, Panjenengan dadèkké lèr-lèran karo deresé udan, tukulané Panjenengan berkahi.
12
Tauné Panjenengan makutani karo kawelasan Panjenengan, tipaké Panjenengan ngetokké gajihé.
13
Lemah ing ara-ara samun tètès-tètès banyuné, gunung-gunung pada bungah-bungah,
14
pangonan-pangonan pada kebak wedus gèmbèl, legokan-legokan pada kemulan gandum, kabèh pada surak-surak lan pada ngidung-ngidung.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan