Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka ingkang kawula suwuni pangayoman, mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahipun tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula, kawula mugi Paduka luwari,
manawi makaten, mugi kawula kabujenga ing mengsah ngantos kacepeng, lajeng gesang kawula dipun idak-idaka ing siti, saha kaluhuran kawula kapendhema ing lebu. (Selah)
Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng ing salebeting bebendu Paduka, mugi karsaa jumeneng nadhahi pangigit-igitipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula, mugi Paduka wungu mitulungi kawula amargi Paduka ingkang mrentahaken pangadilan.
Mugi-mugi piawoning tiyang duraka sageda mantun, nanging tiyang mursid mugi Paduka santosakaken, Paduka ingkang ndadar manah saha batosing tiyang, dhuh Allah ingkang adil.