×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 70

1
Kanggo juru penyanyi. Masmuré Daved, waktu masrahaké kurban pengéling-éling.
2
Duh Gusti Allah, supaya gelis gelem ngluwari kula, duh GUSTI, supaya gelem mitulungi kula!
3
Wong sing ngupaya njabut nyawa kula, supaya pada kisinan lan klintyutan; sing ngupaya nggawé tyilaka kula, supaya pada mundur lan ngalami kisinan;
4
ya bèn mundur awit isin, sing pada ngomong: “Sukur, sukur!”
5
Wong sing pada nggolèki Panjenengan, pada bungah-bungaha lan bungah-bungah kabèh; sing nrésnani keslametan pawèh Panjenengan, tansaha ngomong mengkéné: “Gusti Allah kuwi gedé!”
6
Kula kuwi sangsara lan mlarat, duh Gusti Allah, supaya gelem gelis teka! Panjenengan kuwi sing mitulungi lan ngluwari kula; duh GUSTI, supaya aja nganti ngrendetké teka Panjenengan!
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan