Paduka mugi karsaa ngluwari kawula sarta mitulungi kawula, amargi saking kaadilan Paduka, Paduka mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhumateng kawula!
Paduka mugi karsaa dados redi parang tumrap kawula, dados papan pangauban kawula, saha beteng ingkang milujengaken kawula, awit inggih Paduka punika ingkang dados redi parang tuwin beteng kawula.
Dhuh Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking tanganipun tiyang duraka, saha cangkeremaning para tiyang ingkang ambek-siya lan dakwenang.
Kawula sumendhe dhumateng Paduka wiwit wonten ing kandhutan, Paduka ingkang ngedalaken kawula saking kandhutaning biyung kawula; Paduka ingkang tansah kawula pepuji.
Tiyang ingkang sami nyatru nyawa kawula mugi samia kawirangan lan sami tumpesa; ingkang ngangkah cilaka kawula mugi karobana ing kanisthan lan kawirangan!
dhuh Allah, ngantosa kawula sepuh sarta uwanen, kawula mugi sampun ngantos Paduka tilar, supados kawula saged nyriyosaken pangwaos Paduka dhumateng para turun samangke, sarta kasantosan Paduka dhateng sakathahipun tiyang ingkang badhe dhateng.
Kaadilan Paduka punika sundhul ing langit, dhuh Allah, Paduka ingkang sampun nindakaken prakawis-prakawis ingkang ageng, dhuh Allah, sinten ingkang kados Paduka?
Paduka ingkang murugaken kawula ketaman ing karibedan tuwin kasangsaran kathah, inggih badhe nggesangaken kawula malih, saha ngentasaken kawula saking telenging bumi.
Kawula inggih badhe nyaosaken kekidungan pamuji-sokur dhumateng Paduka kanthi swaraning slukat, margi saking kasetyan Paduka, dhuh Allah kawula. Paduka badhe kawula kidungaken masmur kanthi swaraning clempung, dhuh Ingkang Mahasuci, Gusti Allahipun Israel.