×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 71

1
Duh GUSTI, kula ndelik ing Panjenengan, kula aja nganti kewirangan babar pisan.
2
Panjenengan supaya gelem ngluwari kula lan mitulungi kula, awit sangka keadilan Panjenengan, Panjenengan supaya gelem mbukakké kuping Panjenengan kanggé kula!
3
Panjenengan supaya gelem dadi gunung watu kanggo kula, dadi panggonan pangungsèn kula lan bèntèng sing nylametaké kula, awit mung Panjenengan kuwi sing dadi gunung watu lan bèntèng kula.
4
Duh Gusti Allah kula, Panjenengan supaya gelem ngluwari kula sangka tangané wong duraka, lan tyengkeremané para wong sing dursila lan sak wenang-wenang.
5
Awit Gusti GUSTI mung Panjenengan kuwi sing dadi pengarep-arep kula, pengandel kula wiwit tyilik mila marang Panjenengan.
6
Kula suméndé marang Panjenengan wiwit ing bobotan, Panjenengan sing ngetokké kula sangka wetengé ibu kula; Panjenengan sing tansah kula puji.
7
Kula dadi tanda sing nggumunaké kanggo wong okèh, awit Panjenengan kuwi pangungsèn kula sing kuwat.
8
Tutuk kula kebak pamuji marang Panjenengan, saben dina Panjenengan kula luhurké.
9
Yèn kula wis tuwa, supaya aja nganti Panjenengan tampik, aja nganti ninggalké kula yèn kekuwatan kula wis entèk.
10
Awit kula dirasani karo para satru kula, wong sing pada arep njabut nyawa kula pada komplotan,
11
tembungé: “Wong kaé wis ditégakké karo Gusti Allah, pada oyaken, nganti ketyekel, awit ora ana sing mitulungi!”
12
Duh Gusti Allah, Panjenengan aja nganti adoh sangka kula, duh Gusti Allah kula, Panjenengan supaya gelis-gelis gelem mitulungi kula!
13
Wong sing pada nyatru nyawa kula supaya pada kewirangan lan pada entèkna; sing ngupaya tyilaka kula supaya dikrubuti karo reget lan kewirangan!
14
Nanging kula bakal ngantepi ing pengarep-arep, lan mundak-mundak enggèn kula ngluhurké Panjenengan;
15
tutuk kula bakal tyerita keadilan Panjenengan, lan keslametan pawèh Panjenengan ing saben dina, awit kula ora bisa ngitung okèhé.
16
Kula bakal teka karo kekuwatané Gusti Allah, lan mung bakal ngabaraké keadilan Panjenengan.
17
Duh Gusti Allah, Panjenengan wis mulangi kula wiwit tyilik, lan nganti tekan saiki kula tansah nggelarké penggawéané Panjenengan sing ngidap-idapi;
18
duh Gusti Allah, nganti kula tuwa lan uwanen, kula supaya aja nganti Panjenengan tinggal, supaya kula bisa nyritakké pangwasa Panjenengan marang turunan sing bakal katekan, lan kekuwatan Panjenengan kanggo kabèh wong sing bakal teka.
19
Keadilan Panjenengan kuwi sundul langit, duh Gusti Allah, Panjenengan sing wis nindakké perkara-perkara sing gedé, duh Gusti Allah, sapa sing kaya Panjenengan?
20
Panjenengan sing ndadèkké kula katekan kangèlan lan kasangsarané okèh, ya bakal nguripké kula menèh, lan ngetokké kula sangka telengé bumi.
21
Panjenengan bakal nambahi kaluhuran kula, lan ngekèki panglipuran menèh.
22
Kula ya bakal masrahaké kidungan maturkesuwun marang Panjenengan karo swarané harep, awit sangka kasetian Panjenengan, duh Gusti Allah kula. Panjenengan bakal kula kidungké masmur karo swarané siter, duh sing Mahasutyi, Gusti Allahé Israèl.
23
Lambé kula surak-surak ngidung masmur kanggo Panjenengan, uga nyawa kula sing wis Panjenengan tulungi.
24
Ilat kula uga bakal ngabaraké keadilan Panjenengan ing saben dina, awit wong sing ngupaya tyilaka kula, pada bakal kewirangan lan klintyutan.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan