Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Masmur anggitane Asaf. Satemene Gusti Allah iku becik tumrap para wong kang mulus atine, lan kang resik atine. |
| 2 |
| Nanging aku, kurang sathithik bae sikilku keplesed, aku meh keplesed. |
| 3 |
| Amarga panas atiku marang para wong kang gumunggung, manawa aku meruhi kabegjane wong duraka. |
| 4 |
| Awit iku ora padha nandhang lara, awake waras lan lemu; |
| 5 |
| ora padha ngrasakake susahing manungsa, lan ora padha kena ing bebendu kaya wong liyane. |
| 6 |
| Mulane padha akalung piangkuh, tuwin panganggone arupa panganiaya. |
| 7 |
| Amarga saka lemune, kaluputane katon ngegla, atine mbludag ing pandakwa. |
| 8 |
| Padha nyemoni lan muni-muni kanthi patrap kang ala, bab panganiaya padha dirembug kalawan gumunggung. |
| 9 |
| Padha ngangapake cangkeme nglawan marang langit, lan ilate ngumukake awake ana ing bumi. |
| 10 |
| Marga saka iku wong padha bali marani dheweke kabeh, katone kaya banyu kang kimplah-kimplah. |
| 11 |
| Sarta pangucape: “Kapriye Gusti Allah anggone mirsa bab iku, apa Kang Mahaluhur iku kadunungan kawruh?” |
| 12 |
| Lah kaya mangkono iku kaanane para wong duraka: padha golek undhaking barang-darbeke sarta seneng-seneng ing salawase! |
| 13 |
| Rak tanpa guna anggonku njaga resiking atiku, sarta anggonku wisuh tangan, minangka tandhaning tanpa kaluputan. |
| 14 |
| Ewadene ing sadina muput anggonku kena ing bebendu, sarta saben esuk ora sepi ing paukuman. |
| 15 |
| Saupami kawula wicanten: “Aku arep calathu mangkono,” dados kawula sajatosipun cidra dhateng gelenganing para putra Paduka. |
| 16 |
| Nanging bareng aku duwe karep arep nyumurupi, bab iku katon angel ana ing mripatku, |
| 17 |
| nganti aku lumebu marang pasucening Allah, banjur nggatekake wekasane para wong mau. |
| 18 |
| Inggih, tiyang punika sami Paduka papanaken wonten ing panggenan ingkang lunyu, lajeng Paduka dhawahaken temah remuk. |
| 19 |
| Saestu sanget sangsaranipun ing sakedhap netra punika, sami sirna, tumpes margi saking pagiris. |
| 20 |
| Sami kados impenipun tiyang satanginipun tilem, dhuh Pangeran, samangsa tangi, rupinipun Paduka galih asor. |
| 21 |
| Nalika manah kawula sanget sisah, saha ginjel kawula raosipun kados tinuwek-tuwek, |
| 22 |
| kawula rumaos bodho saha boten mangretos, kados kewan wonten ing ngarsa Paduka. |
| 23 |
| Nanging kawula lestantun celak kaliyan Paduka; Paduka nganthi tangan kawula tengen. |
| 24 |
| Margi saking pitedah Paduka, Paduka tuntun, sarta ing wekasanipun Paduka pulung dhateng kamulyan. |
| 25 |
| Wonten ing swarga kawula nggadhahi sinten malih kejawi Paduka? Wonten ing bumi kawula boten melik punapa-punapa kejawi Paduka. |
| 26 |
| Sanadyan daging lan manah kawula telas, sirna, ing salaminipun tetep Gusti Allah ingkang dados peparang saha panduman kawula. |
| 27 |
| Awit sajatosipun sinten ingkang tebih kaliyan Paduka, punika sami badhe dhumawah ing karisakan; sadaya tiyang ingkang lampah jina kalayan nilar Paduka punika mesthi Paduka bengkas. |
| 28 |
| Nanging kawula, kawula remen celak kaliyan Gusti Allah; Pangeran Allah ingkang kawula anggep dados pangayoman kawula, supados kawula saged nyariyosaken sakathahing pakaryanipun. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/073.mp3
150
73