×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 74

1
Kidung piwulang masmuré Asaf. Duh Gusti Allah, kenèng apa sebabé Panjenengan ngguwak kita sak lawasé? Kenèng apa sebabé bebendu Panjenengan sing mulat-mulat nekani wedus ingon-ingonané Gusti?
2
Panjenengan supaya gelem éling umat Panjenengan sing wis Panjenengan jikuk wiwit waktu mbiyèn, sing Panjenengan tebus dadi bangsa duwèké Panjenengan piyambak, lan supaya gelem éling marang gunung Sion kraton Panjenengan!
3
Panjenengan supaya gelem teka ing panggonan sing sak terusé rusak; sak kabèhé wis dientèkké karo mungsuh ing griya sutyi.
4
Satru Panjenengan pada njenggong ing griya pamuji Panjenengan, lan wis ngedekké gendérané digawé tenger.
5
Kétoké kaya wong sing ngangkat kampak nganti duwur, diempakké marang kayu sing ketel,
6
lan saiki ukir-ukirané pada ditibani karo kampak lan bérang kabèh;
7
griya Panjenengan sing sutyi diobong, lan panggonan griyané asma Panjenengan dinajiské nganti tekan ing lemah;
8
pikirané atiné mengkéné: “Apiké pada tak entèkké kabèh waé!” Terus griya pamuji ing sak kabèhé negara diobong kabèh.
9
Tanda kita ora ana sing kétok, nabi ya wis ora ana menèh, lan sedulur kita ora ana sing ngerti bakal nganti sak pira suwéné menèh.
10
Duh Gusti Allah, bakal nganti sak pira suwéné anggèné satru kuwi nyepatani, lan mungsuh anggèné ngèlèk-èlèkké asma Panjenengan tanpa mandek kuwi?
11
Kenèng apa Panjenengan nggèrèt mbalik tangan Panjenengan, lan numpangké tangan Panjenengan sing tengen ing dada?
12
Nanging Panjenengan, duh Gusti Allah, dadi Ratu kula wiwit jaman mbiyèn mula, sing ngekèki keslametan ing bumi.
13
Ya Panjenengan kuwi sing mbukak segara karo kekuwatan Panjenengan, sing ngremuki endasé ula naga ing sak nduwuré banyu.
14
Panjenengan sing ngremuki endasé para Léwiatan, Panjenengan pakakké marang kéwan galak ing ara-ara samun.
15
Panjenengan sing metyah sumber lan kali; Panjenengan sing ngesatké kali-kali sing ajek mili.
16
Awan kuwi duwèké Panjenengan, wengi kuwi uga duwèké Panjenengan, Panjenengan sing mernahké pepadang lan srengéngé.
17
Panjenengan sing netepké watesé bumi kabèh, waktu ketiga karo waktu rendeng Panjenengan sing nganakké.
18
Panjenengan supaya gelem éling kuwi: mungsuh nyepèlèkké, duh GUSTI, bangsa sing keblinger kuwi ngèlèk-èlèkké asma Panjenengan.
19
Nyawané manuk dara Panjenengan aja nganti Panjenengan pakakké marang kéwan galak; Panjenengan supaya aja nganti terus-terus lali marang nyawané para wong duwèké Panjenengan, sing ditindes!
20
Panjenengan supaya éling marang perjanjian Panjenengan, awit panggonané sing peteng ing bumi kuwi kebak susuh penggawé ala.
21
Wong sing disiya-siya aja nganti mulih karo kisinan. Wong sing kasangsaran lan wong sing mlarat supaya pada ngelem-elem asma Panjenengan.
22
Duh Gusti Allah, Panjenengan supaya gelem ngadek lan nindakké pengadilan Panjenengan! Supaya gelem éling marang wong sing nyepèlèkké para wong sing keblinger marang Panjenengan sedina muput kuwi.
23
Panjenengan supaya aja nganti lali marang swarané satru Panjenengan, lan mbengok-mbengoké wong sing pada nglawan marang Panjenengan, Tanpa mandek, malah mundak banter mbengoké kuwi.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan