Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Kanggo lurah pasindhen. Binarung ing swaraning clempung. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan. |
| 2 |
| Gusti Allah iku kesuwur ana ing Yahuda, asmane kondhang ana ing Israel! |
| 3 |
| Kemahe wus ana ing Salem, sarta padalemane ana ing Sion! |
| 4 |
| Ana ing kono Pangeran wus mutungi panah kang kumilat, tameng tuwin pedhang sarta piranti perang. (Selah) |
| 5 |
| Gumilaping cahya Paduka punika kamulyanipun ngungkuli pareden ingkang wonten wiwit kina makina. |
| 6 |
| Para wong kendel wus padha kajarah-rayah, padha ngantuk angles, para prawira kabeh wus padha kaya koncatan ing kakuwatane. |
| 7 |
| Dhuh Allahipun Rama Yakub, amargi saking bebendu Paduka, kapal saha ingkang numpaki sami katileman. |
| 8 |
| Paduka punika nggegirisi! Sinten ingkang tahan wonten ing ngarsa Paduka samangsa Paduka duka? |
| 9 |
| Paduka ndhawahaken pancasaning pangadilan saking ing langit; bumi ajrih saha kami-tenggengen, |
| 10 |
| nalika Gusti Allah jumeneng ngasta pangadilan, saha ngluwari sakathahipun tiyang ingkang katindhes wonten ing bumi. (Selah) |
| 11 |
| Saestu para tiyang brangasan lajeng badhe sami caos sokur dhumateng asma Paduka, kekantunaning tiyang brangasan sami Paduka kendhaleni. |
| 12 |
| Padha ngucapna nadar banjur padha luwarana konjuk ing Yehuwah Allahmu! Kabeh wong kang ana ing ngarsane Yehuwah, kareben padha ngunjukake pisungsung marang Panjenengane kang diwedeni. |
| 13 |
| Panjenengane kang nglemesake semangate para pemimpin, Panjenengane kang nggegirisi tumrap para ratu ing bumi. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/076.mp3
150
76