Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi. Ya kuwi karo swarané siter. Masmuré Asaf. Kidungan. |
| 2 |
| Gusti Allah kuwi kesuwur ing Yéhuda, asmané kesuwur ing Israèl! |
| 3 |
| Tarupé wis ing Salèm, lan griyané ing Sion! |
| 4 |
| Ing kono Gusti wis nugeli panah sing nggilap, tamèng lan pedang lan gaman-gamané perang. |
| 5 |
| Gemerlapé padang Panjenengan kuwi kwasané ngungkuli pegunungan sing ana wiwit jaman mbiyèn. |
| 6 |
| Para wong kendel wis pada direbut, pada ngantuk angles, para suradadu kabèh wis pada kaya kélangan kekuwatané. |
| 7 |
| Duh Gusti Allahé Yakub, awit sangka bebendu Panjenengan, jaran lan sing numpaki pada keturon. |
| 8 |
| Panjenengan kuwi ngidap-idapi! Sapa sing tahan ing ngarepé Panjenengan yèn Panjenengan nesu? |
| 9 |
| Panjenengan nibakké putusané pengadilan sangka langit; bumi wedi lan kamitenggengen, |
| 10 |
| waktu Gusti Allah ngadek nggawa pengadilan, lan ngluwari kabèh wong sing ditindes ing bumi. |
| 11 |
| Tenan para wong brangasan terus bakal pada memuji marang asma Panjenengan, turahané wong brangasan pada Panjenengan talèni. |
| 12 |
| Pada ngutyapna janji terus pada bayaren ngadep marang GUSTI Allahmu! Kabèh wong ing ngarepé Gusti, bèn pada masrahaké pisungsung marang Panjenengané sing diwedèni. |
| 13 |
| Panjenengané sing nglemeské semangaté para pemimpin, Panjenengané sing ngidap-idapi kanggo para ratu ing bumi. |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/076.mp3
150
76