Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi. Miturut: Yedutun. Masmuré Asaf. |
| 2 |
| Aku nyebut marang Gusti Allah karo swara banter, karo swara banter marang Gusti Allah, supaya ngrungokké aku. |
| 3 |
| Ing dina kangèlan aku nggolèki Gusti; ing wayah mbengi tanganku tak angkat, lan ora dadi kesel, nyawaku olèh panglipur. |
| 4 |
| Yèn aku ngangen-angen marang Gusti Allah, terus aku ngaduh-aduh, yèn tak rasak-rasaké, nyawaku mundak dadi lemes. |
| 5 |
| Panjenengan nggawé mripat kula tansah kelop-kelop; kula semplak, nganti ora bisa omongan. |
| 6 |
| Kula mikir-mikir marang lelakonan waktu jaman mbiyèn; kula kèlingan taun-taun sing wis kepungkur. |
| 7 |
| Ing wantyi wengi kula mikir-mikir njeruhné ati, kula nggagas-nggagas lan nyawa kula nggolèk-nggolèk: |
| 8 |
| “Gusti apa ya nampik sak lawasé, lan apa ora bakal ngekèki kawelasan menèh? |
| 9 |
| Katrésnan-Né apa wis entèk sak terusé, perjanjiané apa wis tekan ing pungkasané nganti turun-temurun? |
| 10 |
| Gusti Allah apa wis lali marang sing ditrésnani, kawelasan apa ditugel awit sangka bebenduné?” |
| 11 |
| Ing kono tembungku: “Iki sing nyuduk atiku, nanging tangané tengen sing Mahaluhur wis owah!” |
| 12 |
| Aku bakal ngéling-éling pengawèan-penggawèané GUSTI, ya, kula bakal éling marang mujijat Panjenengan waktu jaman mbiyèn. |
| 13 |
| Kula bakal nyebut kabèh penggawéané Panjenengan, lan bakal ngélingi marang sak kabèhé penggawéan Panjenengan. |
| 14 |
| Duh Gusti Allah, awit Panjenengan kuwi sutyi! Gusti Allah sing ngendi sing gedé kaya Gusti Allah kita? |
| 15 |
| Panjenengan kuwi Gusti Allah sing nindakké mujijat; Panjenengan wis ngétokké pangwasa Panjenengan ing kumpulané para bangsa. |
| 16 |
| Umat Panjenengan, tyedak turunané Yakub lan Yosèf, wis Panjenengan tebus karo tangan Panjenengan. |
| 17 |
| Duh Gusti Allah, banyu-banyu wis pada weruh Panjenengan, banyu-banyu wis pada weruh Panjenengan lan pada gemeter, malah segara gedé ya ndredek. |
| 18 |
| Mendung nggrojokké banyu, ombaké swarané mendung werna-werna, malah panah Panjenengan pada pating tylorot. |
| 19 |
| Swarané gluduk Panjenengan gembleger, klélap-klélap pada madangi ndonya, bumi gemeter lan gonjang-ganjing. |
| 20 |
| Awit Panjenengan ngliwati segara, lan dalan Panjenengan ngliwati banyu sing amba, nanging tlapak tilas Panjenengan ora kétok. |
| 21 |
| Panjenengan wis nuntun umat Panjenengan kaya nggiring wedus gèmbèl lan wedus, lantaran Moses lan imam Harun. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/077.mp3
150
77