Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Masmur anggitane Asaf. Dhuh Allah, bangsa sanes sampun sami lumebet dhateng ing tanah kagungan Paduka, sami najisaken padaleman Paduka ingkang suci, Yerusalem dipun dadosaken jugrugan. |
| 2 |
| Mayitipun para abdi Paduka dipun pakakaken dhateng peksi-peksi ing awang-awang, dagingipun para kekasih Paduka dipun pakakaken dhateng sato ing ara-ara. |
| 3 |
| Rahipun umat Paduka dipun wutahaken kadosdene toya, wonten ing sakubenging Yerusalem sarta boten wonten ingkang ngubur. |
| 4 |
| Kawula sami dados cacadanipun para tangga-tepalih kawula, lan dados pepoyokan miwah cacampahanipun tiyang ingkang manggen ing sakubeng kawula. |
| 5 |
| Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah paring bebendu Paduka, saha bentering panggalih Paduka anggenipun mulad-mulad kados latu? |
| 6 |
| Bebendu Paduka mugi kaesokna dhateng para bangsa ingkang boten sami tepang kaliyan Paduka, inggih dhateng sakathahing karajan ingkang boten nyebut asma Paduka; |
| 7 |
| amargi sampun sami mangsa Yakub ngantos telas, griyanipun dipun risak. |
| 8 |
| Paduka mugi sampun ngantos ndhawahaken kalepatanipun para leluhur kawula dhumateng kawula sadaya; kawula mugi enggal kadhawahana ing sih-rahmat Paduka, awitdene kawula sampun sami ringkih sanget. |
| 9 |
| Dhuh Allah, ingkang mengku karahayon kawula, kawula mugi sami Paduka paringi pitulungan margi saking kaluhuraning asma Paduka. Kawula mugi sami kaentasna saha kaapuntena dosa kawula margi saking asma Paduka. |
| 10 |
| Punapaa dene bangsa sanes ngantos sami ngucap makaten: “Allahe wong iku ana ing ngendi?” Pamalesing rahipun para abdi Paduka ingkang sampun kawutahaken, mugi kasumerepana dening bangsa-bangsa sanes wonten ing ngajeng kawula sedaya. |
| 11 |
| Pasambatipun para tiyang ingkang kinunjara mugi sageda sumengka dhateng ing ngarsa Paduka; tiyang ingkang sami katetepaken kaukum pejah, mugi sami Paduka parengaken gesang laras kaliyan asta Paduka ingkang agung. |
| 12 |
| Saha para tangga kawula mugi sami kadhawahana piwales tikel pitu, amargi anggenipun sami memada dhumateng Paduka, dhuh Pangeran. |
| 13 |
| Kawula sadaya punika, umat Paduka, inggih pepanthan menda ngen-ngenan Paduka, badhe lajeng sami ngaturaken panuwun dhumateng Paduka ing salaminipun, saha pepujian ingkang tumuju dhumateng Paduka badhe sami kawula wartosaken ngantos turun-tumurun. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/079.mp3
150
79