Masmuré Asaf. Duh Gusti Allah, bangsa liya wis pada mlebu menyang tanah duwèké Panjenengan, pada najisaké griya Panjenengan sing sutyi, Yérusalèm didadèkké ambruk.
Layoné para abdi Panjenengan dipakakké marang manuk-manuk ing awang-awang, dagingé para katrésnan Panjenengan dipakakké marang kéwan galak ing ara-ara.
Panjenengan supaya aja nganti nibakké kesalahané para leluhur kita marang kita; kita supaya gelis ditibani karo kawelasan Panjenengan, awit kita wis pada ringkih banget.
Duh Gusti Allah, sing nylametké kita, kita supaya pada Panjenengan kèki pitulungan awit sangka kaluhurané asma Panjenengan. Kita supaya pada diluwari lan dingapura dosa kita awit sangka asma Panjenengan.
Kenèng apa nanging bangsa liya nganti pada ngomong mengkéné: “Ing ngendi Gusti Allahé wong kuwi?” Balesané getihé para abdi Panjenengan sing wis dikutahké, supaya dingertèni karo bangsa-bangsa liya ing ngarep kita.
Sambaté para wong sing dikunjara supaya bisaa tekan ing ngarepé Panjenengan; wong sing pada ditetepaké diukum mati, supaya Panjenengan lilani urip tyotyok karo tangan Panjenengan sing gedé.
Kita kuwi, umat Panjenengan, ya kumpulan wedus ingon-ingonané Panjenengan, bakal terus pada masrahké maturkesuwun marang Panjenengan ing sak lawasé, lan kidung pujian marang Panjenengan bakal pada kita kabaraké nganti turun-temurun.