Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Kanggo lelurahing pasindhen. Manut lagu: Gitit. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. |
| 2 |
| Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi, kamulyan Paduka ingkang ngungkuli langit kakidungaken. |
| 3 |
| Sarana cangkemipun bayi-bayi lan manungsa. Paduka sampun nalesi kakiyatan margi saking lawanan Paduka, supados mbungkem mengsah tuwin tiyang ingkang watek remen males piawon. |
| 4 |
| Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta Paduka, punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun Paduka tata, |
| 5 |
| manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti? Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih? |
| 6 |
| Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan. |
| 7 |
| Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka, samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping tlapakanipun: |
| 8 |
| sakathahipun menda tuwin lembu, ugi sato-kewan ing ara-ara, |
| 9 |
| peksi ing awang-awang saha ulam ing saganten, saha samukawis ingkang langkung ing margining saganten. |
| 10 |
| Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/008.mp3
150
8