Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi, pamujiné kaya kidung: Kembang Bakung. Paseksiné Asaf. Masmur. |
| 2 |
| Duh Juru Pangoné bangsa Israèl, supaya gelem ngrungokké. Panjenengan sing nggiring turunané Yosèf kaya kumpulan wedus gèmbèl, Panjenengan sing numpak kerup-kerup, supaya gelem ngétok karo semlorot Panjenengan, |
| 3 |
| ing ngarepé Efraim karo Bényamin lan Manasé. Panjenengan supaya gelem ngétokké kekuwatan Panjenengan lan supaya gelem teka ngluwari kita. |
| 4 |
| Duh Gusti Allah, kita supaya pada Panjenengan pulihké, supaya gelem nylorotké praupan Panjenengan, nganti kita pada bakal olèh slamet. |
| 5 |
| Duh GUSTI, Gusti Allah sing ngwasani langit lan bumi, ijik pira suwéné enggèn Panjenengan bendu senajan umat Panjenengan ndedonga? |
| 6 |
| Umat Panjenengan pada Panjenengan pangani roti tètèsané luh, Panjenengan kèki ngombé luh nganti okèh banget, |
| 7 |
| kita pada Panjenengan dadèkké tyatyatané para tangga-teparo, lan pada dadi geguyoné karo mungsuh-mungsuh kita. |
| 8 |
| Duh Gusti Allah sing ngwasani langit lan bumi, kita supaya pada Panjenengan pulihké, supaya gelem nylorotké praupan Panjenengan, nganti kita pada olèh slamet. |
| 9 |
| Panjenengan wis njupuk wit anggur sangka negara Egipte, para bangsa pada Panjenengan tundungi, wit anggur iki terus Panjenengan tandur. |
| 10 |
| Panjenengan wis nyepakké panggonan, wit anggur iki terus ngoyot jeru banget lan ngebaki negara; |
| 11 |
| gunung-gunung pada kayoman karo ayang-ayangé, lan wit-witan tyemara duwèké Gusti Allah pada kayoman karo pangé; |
| 12 |
| pangé sing tyilik-tyilik pada ngglolor nganti tekan segara, lan putyuk-putyuké nganti tekan kali Efrat. |
| 13 |
| Apa sebabé Panjenengan ngembrukké pageré, nganti dipetiki karo wong sing pada liwat? |
| 14 |
| Digrogoti karo babi alasan, lan dipangan karo kéwan-kéwan ing ara-ara. |
| 15 |
| Duh Gusti Allah sing ngwasani langit lan bumi, Panjenengan supaya gelem mbalik, weruh sangka langit lan Panjenengan supaya gelem nggatèkké wit anggur kuwi, |
| 16 |
| wit sing ditandur karo tangan Panjenengan sing tengen. |
| 17 |
| Wité wis pada diobong lan ditegori, wong-wong iki ya bèn pada entèk kabèh karo bebendu Panjenengan. |
| 18 |
| Panjenengan supaya gelem njaga marang para wong ing sisih tengen Panjenengan, anaké manungsa sing wis Panjenengan kuwatké kanggo Panjenengan piyambak. |
| 19 |
| Kita pada ora bakal nyimpang sangka Panjenengan, kita supaya Panjenengan uripi, terus pada bakal nyebut ngluhurké asma Panjenengan. |
| 20 |
| Duh GUSTI, Gusti Allah sing ngwasani langit lan bumi, kita supaya pada Panjenengan pulihké, supaya gelem nylorotké praupan Panjenengan, nganti kita pada bakal olèh slamet. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/080.mp3
150
80