Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane bani Korakh. |
| 2 |
| Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngatingalaken keparenging panggalih Paduka dhumateng tanah Paduka, kewontenanipun trahipun Rama Yakub sampun Paduka pulihaken. |
| 3 |
| Paduka sampun ngapunten kalepatanipun umat Paduka, sakathahing dosanipun sampun Paduka tutupi. (Selah) |
| 4 |
| Sakathahing deduka Paduka sampun Paduka sirep, bebendu Paduka ingkang mulad-mulad sampun Paduka lilihaken. |
| 5 |
| Dhuh Allah, Pamarta kawula, kawula mugi sami Paduka pulihaken, Paduka mugi karsaa ngicali gerahing panggalih Paduka tumrap kawula. |
| 6 |
| Kawula punapa sami badhe Paduka dukani ing salaminipun, saha anggen Paduka duka punapa badhe Paduka lajengaken ngantos turun-tumurun? |
| 7 |
| Punapa Paduka boten karsa nggesangaken kawula sadaya malih, supados umat Paduka saged bingah-bingah margi saking Paduka? |
| 8 |
| Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken sih-susetya Paduka dhumateng kawula sadaya, saha karsaa maringi karaharjan Paduka dhumateng kawula sadaya. |
| 9 |
| Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah. Rak tentrem rahayu kang bakal didhawuhake marang umate lan marang para kekasihe, supaya aja nganti bali marang ing kapunggungane maneh? |
| 10 |
| Sanyata, karaharjan kang saka ing Pangeran iku cepak tumrap wong kang wedi-asih marang Panjenengane, satemah nagara kita kadunungan kamulyan. |
| 11 |
| Sih lan kasetyan bakal padha tempuk kaadilan lan katentreman bakal padha ambung-ingambung. |
| 12 |
| Kasetyan bakal tuwuh saka ing bumi, lan kaadilan bakal ngawat-awati saka ing langit. |
| 13 |
| Tur Pangeran Yehuwah bakal paring samubarang kang becik, sarta nagara kita bakal ngwenehake pametune. |
| 14 |
| Kaadilane bakal lumaku ana ing ngarsane, sarta tapak-tilasing sampeyane kadadekake dalan. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/085.mp3
150
85