×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 85

1
Kanggo juru penyanyi. Masmuré turunané Korah.
2
Duh GUSTI, Panjenengan wis ngétokké senengé ati Panjenengan marang tanah Panjenengan, kahanané turunané Yakub wis Panjenengan pulihké.
3
Panjenengan wis ngapura kesalahané umat Panjenengan, kabèh dosané wis Panjenengan tutupi.
4
Kabèh nesu Panjenengan wis Panjenengan sirep, bebendu Panjenengan sing mulat-mulat wis Panjenengan leremké.
5
Duh Gusti Allah, Juruslamet kita, kita supaya pada Panjenengan pulihké, Panjenengan supaya gelem ngilangi nesuné ati Panjenengan kanggo kita.
6
Kita apa pada bakal Panjenengan nesoni ing sak lawasé, lan enggèn Panjenengan nesu apa bakal Panjenengan terusaké nganti turun-temurun?
7
Apa Panjenengan ora gelem nguripké menèh kita, supaya umat Panjenengan bisa bungah-bungah awit sangka Panjenengan?
8
Duh GUSTI, Panjenengan supaya gelem ngétokké kawelasan Panjenengan marang kita, lan gelem ngekèki katentreman Panjenengan marang kita.
9
Aku arep ngrungokké apa sing dadi tembungé Gusti Allah, GUSTI. Apa ora tentrem rahayu sing bakal dipréntahké marang umaté lan marang para katrésnan-Né, supaya aja nganti bali marang gemunggungé menèh?
10
Tenan, katentreman sing sangka Gusti kuwi tyumawis kanggo wong sing wedi lan ngajèni marang Panjenengané, terus negara kita kanggonan kamulyan.
11
Kawelasan lan kasetian bakal pada tempuk keadilan lan katentreman bakal pada ambung-ambungan.
12
Kasetian bakal tukul sangka bumi, lan keadilan bakal ngawat-awati sangka langit.
13
Tur GUSTI bakal ngekèki samubarang sing betyik, lan negara kita bakal ngekèkké pametuné.
14
Keadilané bakal mlaku ing ngarepé, lan tipak-tilasé sikilé didadèkké dalan.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan