Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Kidung piwulang, anggitane Etan, wong Ezrahi. |
| 2 |
| Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing salaminipun, kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula turun-tumurun. |
| 3 |
| Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun; kasetyan Paduka jejeg kados langit. |
| 4 |
| Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun, Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun. |
| 5 |
| Wijinira Suntetepake ing salawas-lawase, sarta dhamparira Sunbangun nganti turun-tumurun.” (Selah) |
| 6 |
| Margi saking punika langit ngucap sokur margi saking kaelokan Paduka, dhuh Yehuwah, malah inggih jalaran saking kasetyan Paduka ing satengahing pasamuwanipun para suci. |
| 7 |
| Amarga ing mega-mega iku sapa kang ngembari Pangeran Yehuwah, lan ing antarane para kang manggon ing swarga sapa kang madhani Sang Yehuwah? |
| 8 |
| Gusti Allah kineringan ana ing kalangane para suci, lan banget diwedeni ngluwihi kabeh kang padha ngayap ing sakiwa tengene. |
| 9 |
| Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun sarwa tumitah, sinten ingkang kados Paduka? Paduka punika santosa, dhuh Yehuwah, saha kasetyan Paduka wonten ing sakubeng Paduka. |
| 10 |
| Gumunggungipun saganten punika Paduka ingkang ngereh, manawi alunipun ageng Paduka ingkang ngendhakaken. |
| 11 |
| Rahab sampun Paduka remuk kados tiyang ingkang pinejahan, mengsah Paduka sampun Paduka buyaraken klayan asta Paduka ingkang rosa. |
| 12 |
| Langit punika kagungan Paduka, bumi punika ugi kagungan Paduka, jagad saisinipun sadaya punika Paduka ingkang ndhasari. |
| 13 |
| Ler lan kidul punika Paduka ingkang nitahaken, redi Tabor tuwin Hermon sami bingah-bingah surak-surak margi saking asma Paduka. |
| 14 |
| Paduka ingkang kagungan bau santosa asta Paduka punika rosa tuwin luhur asta Paduka tengen. |
| 15 |
| Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka, sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka. |
| 16 |
| Rahayu bangsa ingkang saged surak-surak, dhuh Yehuwah, gesangipun kasunaran ing wedana Paduka, |
| 17 |
| sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka, saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka. |
| 18 |
| Amargi Paduka ingkang dados kamulyaning karosanipun, singat kawula kaunggulaken margi saking keparenging panggalih Paduka. |
| 19 |
| Awitdene tetameng kawula sadaya punika kagunganipun Pangeran Yehuwah, saha ratu kawula punika kagunganipun Gusti Allahipun Israel, ingkang suci. |
| 20 |
| Sampun nate wonten pangandika Paduka sarana wahyu dhateng para tiyang ingkang Paduka kasihi, suraosipun: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan, sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku. |
| 21 |
| Ingsun wus nemu Dawud, abdiningSun, kang wus Sunjebadi kalawan lenganingSun kang suci. |
| 22 |
| Iku bakal tetep Sunreksa kalawan astaningSun, sarta Sunsantosakake kalawan bauningSun. |
| 23 |
| Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh, apadene kawasesa ing wong culika. |
| 24 |
| Mungsuhe bakal padha Sunremuk ana ing ngarepe, sarta kang padha nyengiti bakal Sunsirnakake. |
| 25 |
| Iku bakal kinanthi ing kasetyan lan sih-kadarmaningSun, sarta sungune bakal kaunggulake karana asmaningSun, |
| 26 |
| Ingsun bakal ndadekake tangane ngwasani segara, sarta tangane tengen ngereh kali-kali. |
| 27 |
| Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: “Paduka punika Rama kawula, Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.” |
| 28 |
| Sarta iya bakal Sunjunjung dadi putra pembarep, tuwin kang luhur dhewe ana ing antarane para raja ing salumahing bumi. |
| 29 |
| Sih-susetyaningSun marang dheweke bakal Sunlestarekake ing salawase, lan prasetyaningSun bakal tetep tumrap dheweke. |
| 30 |
| Anak-putune Sunlestarekake lumintu ing salawase, apadene dhampare ing saumuring langit. |
| 31 |
| Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun, sarta lakune ora manut ing pranataningSun, |
| 32 |
| lan padha nerak marang katetepaningSun, sarta ora netepi pepakeningSun, |
| 33 |
| panerake mesthi padha Sunwales kalawan gada, tuwin kaluputane kalawan gebug. |
| 34 |
| Nanging sih-susetyaningSun bakal ora Sunedohake saka Dawud, sarta Ingsun ora bakal nyelaki kasetyaningSun. |
| 35 |
| Ingsun ora bakal nerak marang prasetyaningSun, tuwin apa kang kawedhar saka ing lathiningSun ora bakal Sunowahi. |
| 36 |
| Sapisan Ingsun wus sumpah demi kasuceningSun, mesthi Ingsun ora bakal cidra marang Dawud. |
| 37 |
| Tedhak-turune bakal lestari ing salawas-lawase, lan dhampare kaya srengenge ana ing ngarsaningSun, |
| 38 |
| kaya rembulan kang ana ing salawas-lawase minangka seksi kang setya tuhu ana ing mega.” (Selah) |
| 39 |
| Nanging Paduka piyambak nampik saha nyebrataken, sarta ndhawahaken bebendu Paduka dhumateng ingkang Paduka jebadi, |
| 40 |
| prajanjian Paduka kaliyan ingkang abdi Paduka batalaken, makuthanipun Paduka regedi kados lebu, |
| 41 |
| balowartinipun Paduka rebahaken, beteng-betengipun Paduka dadosaken jugrugan. |
| 42 |
| Sadaya tiyang ingkang langkung wonten ing margi sami ngrayahi, sarta dados cacadan tumrap tangga tepalih. |
| 43 |
| Tangan tengenipun para satrunipun sami Paduka unggulaken, sakathahing mengsahipun sampun sami Paduka damel bingah-bingah. |
| 44 |
| landheping pedhangipun Paduka damel mbalik, Paduka boten damel supados saged tanggon wonten ing peprangan. |
| 45 |
| Cahyanipun Paduka suremaken, sarta dhamparipun Paduka rebahaken ing siti. |
| 46 |
| Dinten enemipun sampun Paduka celakaken; piyambakipun Paduka krukubi klayan kawirangan. (Selah) |
| 47 |
| Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah wonten ing pasingidan, sarta anggenipun bebendu Paduka mulad-mulad kados latu punika? |
| 48 |
| Paduka mugi karsaa ngengeti menggah gesang punika sapinten ta dangunipun, punapa tanpa damel anggen Paduka nitahaken sakathahing anakipun manungsa punika? |
| 49 |
| Tiyang gesang ingkang pundi ingkang boten badhe ngalami pejah, ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking pamisesaning jagadipun tiyang pejah? (Selah) |
| 50 |
| Dhuh Pangeran, pundi sih-susetya Paduka ingkang sakawit, ingkang Paduka janjekaken dhateng Dawud mawi supaos demi kasetyan Paduka punika? |
| 51 |
| Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa ngengeti bilih abdi Paduka dipun wewada, saha bilih kawula nandhang pangerang-erangipun para bangsa wonten ing salebetipun manah kawula, |
| 52 |
| ingkang dipun ucapaken para mengsah Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang kalairaken kangge memada tindak-tandukipun jebadan Paduka. |
| 53 |
| Pinujia Pangeran Yehuwah ing salami-laminipun. Amin. Amin! |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/089.mp3
150
89