1
Kidung piwulang, masmuré Etan, wong Esrahi.
2
Katrésnané GUSTI bakal kula kidungké selawasé, kasetian Panjenengan bakal kula kabaraké karo tutuk kula turun-temurun.
3
Awit kawelasan Panjenengan dibangun tekan sak lawas-lawasé; kasetian Panjenengan jejek kaya langit.
4
Panjenengan wis ngomong: “Aku wis nggawé perjanjian karo pilihan-Ku, Aku wis sumpah marang Daved, abdi-Ku.
5
Wijimu Tak tetepké tekan sak lawas-lawasé, lan damparmu Tak bangun nganti turun-temurun.”
6
Awit sangka kuwi langit ngutyap sukur awit sangka mujijat Panjenengan, duh GUSTI, malah ya jalaran sangka kasetian Panjenengan ing sak tengahé pasamuané para sutyi.
7
Awit ing mendung-mendung kuwi sapa sing madani GUSTI, lan ing antarané para sing manggon ing swarga sapa sing madani GUSTI?
8
Gusti Allah diwedèni karo golongané para sutyi, lan banget diwedèni ngungkuli kabèh sing pada manggon ing sak kiwa-tengené.
9
Duh GUSTI, Gusti Allah sing ngwasani langit lan bumi, sapa sing kaya Panjenengan? Panjenengan kuwi kuwat, duh GUSTI lan kasetian Panjenengan ing sak ubengé Panjenengan.
10
Gemunggungé segara kuwi Panjenengan sing mréntah, yèn aluné gedé Panjenengan sing ngendekké.
11
Rahab wis Panjenengan remuk kaya wong sing mati, mungsuh Panjenengan wis Panjenengan buyaraké karo tangan Panjenengan sing rosa.
12
Langit kuwi duwèké Panjenengan, bumi kuwi uga duwèké Panjenengan, ndonya sak isiné kabèh kuwi Panjenengan sing ndasari.
13
Lor lan kidul kuwi Panjenengan sing nggawé, gunung Tabor lan Hèrmon pada bungah-bungah surak-surak awit sangka asma Panjenengan.
14
Panjenengan sing nduwé lengen kuwat tangan Panjenengan kuwi rosa lan luhur tangan Panjenengan tengen.
15
Kabeneran karo keadilan dadi dasaré dampar Panjenengan, kawelasan lan kasetian pada mlaku ing ngarepé Panjenengan.
16
Rahayu bangsa sing bisa surak-surak, duh GUSTI, uripé keslorotan karo praupan Panjenengan,
17
pada surak-surak sedina muput awit sangka asma Panjenengan, lan pada rumangsa luhur awit keadilan Panjenengan.
18
Awit Panjenengan sing dadi kamulyané kekuwatané, sungu kula diunggulké awit sangka senengé ati Panjenengan.
19
Awit tamèngé kita kuwi duwèké GUSTI, lan ratu kula kuwi duwèké Gusti Allahé Israèl, sing Sutyi.
20
Wis tau ana tembungé Panjenengan karo wahyu marang para wong sing Panjenengan trésnani, isiné: “Aku wis ngekèki makuta marang sakwijiné pahlawan, sakwijiné wong pilihan wis Tak junjung sangka antarané bangsa kuwi.
21
Aku wis nemu Daved, abdi-Ku, sing wis Tak jebatani karo lenga-Ku sing sutyi.
22
Kuwi bakal tetep Tak rumati karo tangan-Ku, lan Tak santosaké karo lengen-Ku.
23
Kuwi ora bakal dilawan karo mungsuh, uga ditelukaké karo wong lityik.
24
Mungsuhé bakal pada Tak remuk ing ngarepé, lan sing pada nyengiti bakal Tak entèkké
25
Kuwi bakal dituntun karo kasetian lan katrésnan-Ku, lan sunguné bakal diunggulké karo asma-Ku,
26
Aku bakal ndadèkké tangané ngwasani segara, lan tangané tengen ngwasani kali-kali.
27
Nyebuté marang Aku bakal mengkéné: ‘Panjenengan kuwi Bapak kula, Gusti Allah kula lan gunung watu keslametan kula.’
28
Lan ya bakal Tak junjung dadi anak mbarep, lan sing luhur déwé ing antarané para ratu ing sak lumahé bumi.
29
Kasetian-Ku marang dèwèké bakal Tak lestarèkké tekan selawasé, lan perjanjian-Ku bakal tetep kanggo dèwèké.
30
Anak putuné Tak lestarèkké terusan tekan selawasé, uga damparé ing sak umuré langit.
31
Yèn anak putuné pada nglalèkké angger-angger-Ku, lan mlakuné ora miturut karo pernatan-Ku,
32
lan pada nerak marang katetepan-Ku, lan ora netepi pepakon-Ku,
33
paneraké mesti pada Tak wales karo gepuk, lan kesalahané karo gebuk.
34
Nanging kasetian-Ku bakal ora Tak adohaké sangka Daved, lan Aku ora bakal nyélaki kasetian-Ku.
35
Aku ora bakal nerak marang perjanjianku, lan apa sing kebukak sangka ilat-Ku ora bakal Tak owahi.
36
Sepisan Aku wis sumpah kanggo kesutyian-Ku, mesti Aku ora bakal goroh marang Daved.
37
Turun-turunané bakal tetep sak lawas-lawasé, lan damparé kaya srengéngé ing ngarep-Ku,
38
kaya mbulan ing sak lawas-lawasé kanggo seksi sing setia tuhu ing mendung.”
39
Nanging Panjenengan piyambak nampik lan mbuwang, lan nibakké bebendu Panjenengan marang sing Panjenengan jebatani,
40
perjanjian Panjenengan karo abdi Panjenengan batalké, makutané Panjenengan regeti kaya lebu,
41
témboké Panjenengan ambruké, bèntèng-bèntèngé Panjenengan dadèkké ambruk.
42
Kabèh wong sing liwat ing dalan pada ngrayahi, lan dadi tyatyatan kanggo tangga teparo.
43
Tangan tengené para mungsuhé pada Panjenengan duwuraké, kabèh mungsuh-mungsuhé wis pada Panjenengan nggawé bungah-bungah.
44
Landepé pedangé Panjenengan digawé mbalik, Panjenengan ora nggawé supaya bisa kuwat ing peperangan.
45
Padangé Panjenengan dibleretké, lan damparé Panjenengan diambrukké ing lemah.
46
Dina enomé wis Panjenengan tyendekké; dèwèké Panjenengan krukupi karo kewirangan.
47
Duh GUSTI, nganti pira suwéné enggèn Panjenengan tansah ing pandelikan, lan anggèné bebendu Panjenengan mulat-mulat kaya geni kuwi?
48
Panjenengan supaya gelem éling apa tegesé urip kuwi sak pira ta suwéné, apa tanpa nggawé enggèn Panjenengan sing nggawé kabèh anaké manungsa kuwi?
49
Wong urip ing ngendi sing ora bakal ngalami mati, sing bisa ngutyuli nyawané sangka kwasané ndonyané wong mati?
50
Duh Gusti, endi kawelasan Panjenengan sing wiwitan, sing Panjenengan janjèkké marang Daved nganggo sumpah karo kasetian Panjenengan kuwi?
51
Duh Gusti, Panjenengan supaya gelem éling yèn abdi Panjenengan disepatani, lan kula nyangga ing njeruhné ati, ngalami dienyèk-enyèk karo para bangsa.
52
Sing diomongké para mungsuh Panjenengan, duh GUSTI, sing diomongké kanggo nyepèlèkké tindak-tanduké wong sing Panjenengan jebatani.
53
Pinujia GUSTI sak lawasé. Amin. Amin!
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018