Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Kanggo juru penyanyi. Miturut nyanyian: Mut-Labèn. Masmuré Daved. |
| 2 |
| Kula arep maturkesuwun marang GUSTI karo sak kabèhé atiku, kula arep tyerita kabèh mujijat Panjenengan. |
| 3 |
| Kula bakal bungah-bungah lan sukak-sukak awit sangka Panjenengan, Asma Panjenengan kula puji karo masmur, duh Gusti, Mahaluhur, |
| 4 |
| awit mungsuh kula pada mundur, ambruk terus entèk ing ngarepé Panjenengan. |
| 5 |
| Awit Panjenengan sing mbélani perkara kula lan wewenangé kula, nganti kula olèh kabeneran, Panjenengan njagong ing dampar dadi Rèkter sing adil. |
| 6 |
| Para bangsa pada Panjenengan ukum, para wong duraka Panjenengan tumpes; jenengé Panjenengan entèkké langgeng ing sak lawasé. |
| 7 |
| Mungsuh wis pada entèk tyutes, dadi gempuran gunduk-gundukan ing sak lawasé, kutané wis pada Panjenengan gempuri, wis ora diélingi menèh babar pisan. |
| 8 |
| Nanging GUSTI wis njagong ing dampar selawasé, damparé sing diedekaké kuwi kanggo nindakké pengadilan. |
| 9 |
| Ya Panjenengané kuwi sing ngukumi ndonya karo adil, lan ngadili para bangsa karo titis. |
| 10 |
| Ya mengkono kuwi enggoné GUSTI dadi pangungsèn kanggo wong sing ditindes, dadi pangungsèn ing waktu kangèlan. |
| 11 |
| Wong sing kenal karo asma Panjenengan, kuwi pada pertyaya marang Panjenengan, awit Panjenengan, ora tau négakké wong sing nggolèki Panjenengan, duh GUSTI. |
| 12 |
| Pada ngidunga masmur kanggo GUSTI, sing manggon ing Sion. Pada tyritakna penggawéané ing tengahé para bangsa. |
| 13 |
| Nanging Panjenengané sing mbales marang wong sing ngutahké getih, éling marang wong sing ditindes, ora lali marang sambaté. |
| 14 |
| Duh GUSTI, kula supaya Panjenengan welasi, supaya ndelok kangèlan kula awit sangka penggawéané para wong sing sengit marang kula; Panjenengan sing ngetokké kula sangka gapurané pati. |
| 15 |
| Supaya kula bisa tyerita kabèh penggawéané Panjenengan, sing wajip dipuji kuwi, lan ing gapurané putri Sion, kula surak-surak, awit keslametan pawèh Panjenengan. |
| 16 |
| Bangsa-bangsa wis pada ketyemplung ing juglangan gawéané déwé, sikilé pada kenèk jiret, pasangané déwé. |
| 17 |
| GUSTI wis nglairké dèkné, Panjenengané nindakké pengadilan; wong duraka kejiret karo pasangané déwé. Higayon. |
| 18 |
| Para wong duraka bakal pada bali menyang panggonané wong mati, malah uga kabèh bangsa sing pada lali marang Gusti Allah. |
| 19 |
| Awit wong mlarat kuwi ora dilalèkké ing sak terusé, wong sing kasusahan ora kélangan pengarep-arep selawasé. |
| 20 |
| Duh GUSTI, supaya gelem tangi, manungsa aja nganti olèh nyombongaké dèwèké, para bangsa pada kudu ditibani pengadilan ing ngarepé Panjenengan. |
| 21 |
| Duh Gusti, supaya kabèh Panjenengan gawé gemeter, supaya para bangsa pada ngakoni, yèn dèwèké mung manungsa waé. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/009.mp3
150
9