×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 90

1
Pandongané Moses, abdiné Gusti Allah. Duh Gusti, Panjenengan kuwi dadi pangungsèn kita turun-temurun.
2
Sak durungé gunung-gunung dilairké, lan sak durungé Panjenengan nggawé bumi lan ndonya, wiwit kelanggengan tekan kelanggengan Panjenengan kuwi Gusti Allah.
3
Panjenengan mbalèkké manungsa dadi lebu, lan préntah: “Hé para anak-anaké manungsa, pada balia!”
4
Awit 1000 taun kuwi ing mripat Panjenengan, pada kaya dina wingi sing kepungkur, ya pada kaya gilirané jaga ing wantyi wengi.
5
Manungsa Panjenengan kéntéraké; pada kaya ngimpi, kaya tukulé suket.
6
Ing wantyi ésuk kembang lan seger tukulé, soréné wis semplak terus alum.
7
Tenan, kita pada entèk awit sangka bebendu Panjenengan, lan ketiban rasa wedi awit sangka panasé-nesuné Panjenengan.
8
Kesalahané kita Panjenengan bèbèr ing ngarepé Panjenengan, lan ala kita sing didelikké ing pepadangé sloroté praupan Panjenengan.
9
Tenan dina kita pada liwat awit sangka bendu Panjenengan, taun-taun kita, kita entèkké kaya waé sambat.
10
Suwéné urip kita kuwi pitung puluh taun, nanging yèn kita pada kuwat, wolung puluh taun, lan sing digedèk-gedèké kuwi anggèné ngalami rekasa lan sangsara, awit mlakuné gelis banget lan kita pada kabur entèk.
11
Sapa sing ngerti kekuwatané bebendu Panjenengan, lan wedi marang enggèn Panjenengan nesu?
12
Wulangana kita supaya ngitung dina kita sing sak mestiné, supaya bisaa olèh ati sing wityaksana.
13
Duh GUSTI, Panjenengan supaya gelem mbalik! Nganti kapan? Supaya gelem melasi para abdi Panjenengan.
14
Supaya ing wantyi ésuk kita pada Panjenengan wareki karo kawelasan Panjenengan nganti kita terus pada surak-surak lan bungah-bungah sak lawasé kita urip.
15
Kita supaya pada Panjenengan kèki kebungahan sing sak pantesé karo suwéné dina-dina enggèn Panjenengan ngekèki kangèlan, lan sak pantesé karo suwéné taun-taun enggèn kita ngrasaké tyilaka.
16
Penggawéané Panjenengan supaya bisaa kétok marang para abdi Panjenengan, lan kamulyan Panjenengan marang anak-anaké.
17
Kabetyikané Gusti Allah kita, supaya ngayomi kita, lan Panjenengan supaya gelem nguwatké penggawéané tangan kita, ya penggawéané tangan kita, kuwi supaya dikuwatké.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan