Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa, |
| 2 |
| iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: “Pangungsen saha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.” |
| 3 |
| Sanyata Panjenengane iku kang bakal nguwalake kowe saka ing jirete juru pikat, lan saka pageblug kang mbilaeni. |
| 4 |
| kowe bakal dikemuli kalawan elare, bakal diayomi ing sangisoring siwiwine, kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok. |
| 5 |
| Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi, marang panah kang lumepes ing wayah awan, |
| 6 |
| marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng, tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore. |
| 7 |
| Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu, sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu, ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman; |
| 8 |
| iku mung koksawang kalawan mripatmu dhewe bae, lan ndeleng piwales marang para wong duraka. |
| 9 |
| Amarga Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu, Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu, |
| 10 |
| Kowe ora bakal katempuh ing bilai, sarta ora ana wewelak kang nyedhaki tarubmu; |
| 11 |
| awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe, supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu. |
| 12 |
| Kowe bakal ditadhahi ing tangane, supaya kowe aja nganti kesandhung ing watu. |
| 13 |
| Singa lan ula bedhudhak bakal padha koklangkahi, singa nom lan ula naga bakal kokidak-idak. |
| 14 |
| “Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari, bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun. |
| 15 |
| Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani, ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi, bakal Sunentasake lan Sunluhurake, |
| 16 |
| bakal Sunwaregi kalawan umur dawa, lan karahayoningSun bakal Suntedahake marang dheweke.” |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/091.mp3
150
91