Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| Wong sing manggon ing pangayomané sing Mahaluhur lan nginep ing pengayomané sing Mahakwasa, |
| 2 |
| kuwi bakal nyebut GUSTI mengkéné: “Pangungsèn lan bèntèng kula, Gusti Allah kula sing kula endelaké.” |
| 3 |
| Tenan Panjenengané kuwi sing bakal nylametaké kowé sangka jireté tukang njala, lan sangka lara pès sing mbebayani. |
| 4 |
| Kowé bakal dikemuli karo sewiwi-Né, bakal dislametké ing sak ngisoré sewiwi-Né, kasetian-Né kuwi kanggo tamèng lan pager témbok. |
| 5 |
| Kowé ora usah wedi marang bebaya ing wayah mbengi, marang panah sing nylorot ing wayah awan, |
| 6 |
| marang lara pès sing mlaku ing pepeteng, lan marang lara pès sing ngamuk ing wayah soré. |
| 7 |
| Senajan ing sandingmu ana wong sing ambruk 1000, lan 10.000 ing tengenmu, nanging kowé déwé ora bakal dikenèng; |
| 8 |
| kuwi mung kok sawang karo mripatmu, lan weruh balesané marang para wong duraka. |
| 9 |
| Awit GUSTI kuwi dadi pangayomanmu, sing Mahaluhur kuwi wis kok dadèkké pangayomanmu, |
| 10 |
| Kowé ora bakal katekan tyilaka, lan ora ana bebendu sing nyedaki tarupmu; |
| 11 |
| awit Gusti bakal mréntah para mulékaté kanggo kowé, supaya njaga kowé ing kabèh dalanmu. |
| 12 |
| Kowé bakal ditadahi karo tangané, supaya kowé aja nganti kesandung karo watu. |
| 13 |
| Singa lan ula upas bakal pada kok langkahi, singa nom lan ula naga bakal kok idak-idak. |
| 14 |
| “Tenan, atiné rumaket marang Aku, mulané bakal Tak luwari, bakal Tak pageri kuwat awit kenal marang asma-Ku. |
| 15 |
| Yèn sambat marang Aku, bakal Tak rungokké, ing sak njeruhné kangèlan bakal Tak tuntun, bakal Tak etokké lan Tak luhurké, |
| 16 |
| bakal Tak wareki karo umur dawa, lan keslametan-Ku bakal Tak duduhké marang dèwèké.” |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/psalms/091.mp3
150
91