×

Kitab Jawa Suriname

JABUR 93

1
GUSTI kuwi dadi Ratu, klambiné kamulyan, GUSTI klambènan lan sabukan kekuwatan. Tenan bumi wis jejek ora gonjang-ganjing.
2
Dampar Panjenengan jejek wiwit waktu mbiyèn, wiwit ing kelanggengan Panjenengan wis ana.
3
Duh GUSTI, kali-kali pada kemrasak, lan pada ngumbulké swarané, lan pada ngumbulké jembleguré.
4
GUSTI ngidap-idapi banget ing nduwur, ngungkuli swarané banyu gedé, ngungkuli jembleguré ombak ing segara.
5
Pernatan Panjenengan banget kentyengé, griya Panjenengan wis sak pantesé yèn sutyi, duh GUSTI, kanggo sak lawasé.
Javanese Bible KJS17
Tèks Surinaams Bijbelgenootschap 2018
:
Simpen Cathetan