Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Pangeran Yehuwah iku Raja, salumahing bumi kareben surak-surak, pulo-pulo kareben akeh kang padha sukarena! |
| 2 |
| Panjenengane kubengan ing mega lan pepeteng, kaadilan lan angger-angger kang dadi tetalesing dhampare. |
| 3 |
| Geni lumaku ana ing ngarsane, lan nggesengake satrune ing sakiwa-tengene. |
| 4 |
| Kilate padha madhangi jagad, bumi ndeleng temah gumeter. |
| 5 |
| Gunung-gunung padha ajer prasasat malam ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, ana ing ngarsane Gustine salumahing bumi. |
| 6 |
| Langit martakake kaadilane, lan sakehing bangsa padha nyawang kaluhurane. |
| 7 |
| Sarupaning wong kang ngabekti marang reca bakal padha nandhang wirang, wong kang padha gumunggung marga saka brahala-brahala; sakehing allah padha sujud nyembah marang Panjenengane. |
| 8 |
| Sion mireng wartosipun, temah bingah, sarta para putrinipun Yahuda sami surak-surak, margi saking paukuman Paduka, dhuh Yehuwah. |
| 9 |
| Awit Paduka punika, dhuh Yehuwah, Ingkang Mahaluhur, ingkang mengku salumahing bumi, Paduka linuhuraken sanget nglangkungi sakathahipun allah. |
| 10 |
| He wong kang padha tresna marang Sang Yehuwah padha sengita marang piala! Panjenengane kang ngreksa nyawane para wong kang kinasihan, bakal ngluwari wong-wong iku saka ing tangane para wong duraka. |
| 11 |
| Pepadhang wus sumunar tumrap para wong mursid, lan kabungahan tumrap para wong kang burus atine. |
| 12 |
| He para wong mursid, padha bungah-bungaha marga saka Pangeran Yehuwah, lan ngrepekna kidung pamuji sokur kagem asmane kang suci. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/097.mp3
150
97