Nanging sarehne sabanjure wus ora bisa didhelikake maneh, mulane dijupukake pethi pandhan, dipopok nganggo aspal lan tir, bayine banjur diselehake ing jerone, sarta pethi iku mau nuli didokok ing satengahe wlingen ing pinggir bengawan Nil.
Ing kono putrane putri Sang Prabu Pringon tindak menyang ing bengawan Nil karsa siram, sarta para nyaine padha dolan-dolan ana ing sapinggire bengawan, Sang Putri tumuli mirsa pethi kang ana ing satengahe wlingen, banjur utusan embane njupuk.
Bakyune banjur matur marang putrine Sang Prabu Pringon: “Punapa kawula kepareng madosaken panjenengan dalem inya tiyang Ibrani ingkang nesepi bayi punika?”
Sang Putri banjur ngandika marang wong wadon iku: “Bayi iki gawanen, susonana; kowe bakal dakwenehi pituwas.” Wong wadon mau banjur nggawa bayine disusoni.
Bareng bocahe wus gedhe, banjur diaturake marang putrine Sang Prabu Pringon, dipundhut dadi putra angkat lan diparingi nama Musa, pangandikane: “Marga dakentasake saka ing banyu.”
Kacarita bareng Sang Musa wus diwasa, tindak-tindak nuweni para kadange, kepengin nguningani anggone nindakake pagawean peksan; nuli mirsa ana wong Mesir menthung wong Ibrani, panunggalane para kadange.
Wangsulane wong iku: “Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pemimpin lan hakim kula? Punapa kula badhe panjenengan pejahi kados anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir punika?” Ing kono Sang Musa kuwatos, pangunandikane: “Prakara iki genah wus kaweruhan!”
Sang Prabu Pringon bareng midhanget prakara mau, nuli golek reka-daya arep nyedani Sang Musa. Nanging Sang Musa lolos saka ngarsane Sang Prabu Pringon, lan rawuh ing tanah Midian, banjur lenggah ana ing sapinggiring belik.
Nuli ana pangon-pangon lanang teka, bocah-bocah wadon mau padha diundurake saka ing kono, nanging Sang Musa banjur jumeneng nulungi sarta ngombeni wedhus-wedhuse.
Atur wangsulane: “Wonten satunggaling tiyang Mesir ingkang nulungi kula saking tindakipun para pangen, malah kula dipun timbakaken ngantos kathah, saha lajeng ngombeni menda-mendanipun.”
Kacarita sawuse antara lawas Sang Raja ing Mesir seda. Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean mau wus sumengka marang ing ngarsane Gusti Allah.