Manawa sira tuku batur wong Ibrani, iku anggone ngenger sira suwene nem taun, ing taun kaping pitune dililanana metu lan dadi wong mardika tanpa mbayar tebusan.
Manawa bendarane kang menehi somah, mangka somahe mau duwe anak lanang utawa wadon, kang wadon dalah anak-anake tetep dadi wewenange bendarane, lan kang lanang metune mung awake dhewe.
Nanging saupama batur mau kanthi temen-temen matur: Kula sampun tresna dhateng bendara kula, saha dhateng anak-semah kula, kula boten badhe medal dados tiyang merdika,
nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.
Saupama batur wadon mau ora disenengi bendarane, mangka maune wus disadhiyakake kanggo awake dhewe, bendarane kudu nglilani batur mau ditebus, ora kena diedol marang wong ngamanca, awitdene bendarane wus mblenjani marang batur wadon iku.
Nanging manawa pepati mau klawan ora kajarag, kaya-kaya tangane mau kaagem dening Gusti Allah nindakake iku, Ingsun bakal nedahi sawijining panggonan kang kena diungseni.
yen kelakon bisa tangi maneh lan mlaku-mlaku nganggo teken ana ing jaba, kang ngepruk utawa ngantem mau bebas saka ukuman, mung kudu mbayar kapitunane kang tatu, marga kapeksa nganggur, lan ngragadi anggone tetamba nganti samarine.
Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.
Manawa ana wong nggitik bature tukon lanang utawa wadon, kena mripate nganti rusak, iku nglilanana bature mau metu dadi merdika minangka lirune mripate.
Manawa ana sapi nyundhang wong lanang utawa wadon, nganti ndadekake patine, sapi mau kudu kabenturan watu nganti mati lan daginge aja nganti dipangan, nanging kang duwe sapi bebas saka ing paukuman.
Nanging manawa sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang lan kang duwe iya wus dielingake, nanging ora gelem njaga, mangka sawuse iku sapi mau nyundhang maneh wong lanang utawa wadon, lan njalari patine, ing kono sapine dibenturana watu, lan kang duwe iya diukuma pati.
Nanging manawa sapi mau nyundhang batur tukon lanang utawa wadon, kang duwe sapi kudu mbayar telung puluh sekel selaka marang bendarane batur mau, lan sapine dibenturana watu nganti mati.
Yen ana wong duwe sapi, sapine nyundhang sapining liyan, nganti mati, sapi kang isih urip iku kaedola, pepayone diparo, mangkono uga sapi kang mati mau iya dibagi loro.
Nanging manawa wus kasumurupan yen sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang, mangka kang duwe ora njaga, iku kudu nempuhi padha sapi, dene kewan kang mati iku dadia duweke kang mbayar iku.”