“Yen ana wong nyolong sapi utawa wedhus, banjur disembeleh utawa diedol, iku kudu ngijoli, sapi siji kalironana sapi lima, dene wedhus siji kalironana wedhus papat.
nanging yen anggone mateni iku wus kaplethekan srengenge, iku utang getih. Malinge kudu nglironi sapira regane, yen ora duwe, awake diedola minangka lirune kang dicolong.
Manawa ana wong kang ngengon kewane ana ing pategalane utawa ing kebone anggur, mangka kewan iku diumbar bae, nganti mangani tanduraning liyan nganti entek, kang duwe kewan iku kudu nglironi saka pepethingane pametuning pategalane utawa saka pepethingane pametuning kebon anggure.
Yen ana wong obong-obong lan genine nyalad eren, njalari tumpukan gandum utawa gandum kang durung dieneni utawa tanduran sapategalan katut kobong, kang obong-obong mau kudu nglironi sakabehe.
Manawa ana wong nitipake dhuwit utawa barang marang kancane, mangka titipane iku dicolong saka omahe kang dititipi, saupama kang nyolong kecandhak, kudu nglironi tikel loro.
Ing sarupaning prakara tukar-padu bab barang darbe dadia bab sapi, bab kuldi, bab wedhus, bab sandhangan, lan sadhengah barang kang ilang, manawa kang siji kandha: “Iki duwekku!” -- prakarane wong loro iku kasaosna marang Gusti Allah. Dene sapa kang disalahake dening Gusti Allah kudu nglironi tikel loro marang kancane mau.
Manawa ana wong nitipake kuldi, sapi utawa wedhus, utawa kewan apa bae marang kancane, mangka kewan iku mati, putung sikile utawa kebradhat, ora kaweruhan ing wong,
ing kono karampunganing prakara nganggo sumpah ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, yen kang katitipan iku temen ora njupuk darbeke kancane, lan kang nitipake kudu narima, sarta kang katitipan ora prelu nglironi.
Manawa ana wong nyilih kewane kancane, mangka kewan iku putung sikile utawa mati, nalika kang duwe ora ana ing kono, kang nyilih kudu nglironi saregane.
Manawa ana wong mbujuk sadhengah prawan kang durung pepacangan, sarta banjur sapaturon, bocah wadon iku kudu diepek bojo kalawan mbayar maskawin samurwate.
Manawa sira ngutangi marang wong panunggalanira, umatingSun kang miskin ana ing antaranira, pangrengkuhira aja kaya salumrahe wong potang, aja sira jaluki anakan.
awit mung iku kemule, iya mung iku sandhangane; kang kanggo turu apa? Kang iku samangsa ana sambate marang Ingsun, mesthi Sunpiyarsakake, awitdene Ingsun iki sipat asih mirma.”
Sira padha dadia wong suci kagunganingSun: sira aja padha mangan daginge kewan kang kasempal-sempal kewan galak ana ing ara-ara, iku sira pakakna asu.”