“Sira ndhawuhana marang wong Israel, supaya padha nyaosna pisungsung mirunggan konjuk marang Ingsun. Anggone padha nyaosake pisungsung mirunggan konjuk marang Ingsun iku metua saka legawaning atine.
Karodene sira gawea gelang mas cithakan patang iji padha kapasanga ing pojokane papat, dadi ing iringan kenene ana gelangane loro, lan ing iringan kanane ana gelangane loro.
Kerub kang siji ana ing pungkasane sisih kenene, lan kerub sijine ana ing sisih kanane tutup, kerub sakarone iku padha gawenen irasan karo tutup pangruwatan ing kiwa lan ing tengen.
Kerub-kerub iku padha ngegarna swiwine mandhuwur ngaubi tutup pangruwatan, raine padha adu arep; raine kerub-kerub iku padha tumungkula marang tutup pangruwatan mau.
Tutup pangruwatan iku sira etrapna ing dhuwure pethi, samangsa papan angger-angger kang bakal Sunparingake marang sira iku wus sira selehake ing sajroning pethine.
Ana ing kono anggoningSun bakal ngrawuhi sira saka ing sadhuwure tutup pangruwatan iku, saka ing antarane kerub loro kang ana ing sadhuwure pethi angger-angger iku, Ingsun bakal paring pangandika marang sira bab kang bakal Sundhawuhake marang sira kang kudu sira terusake marang wong Israel.”
“Sira gawea padamaran mas murni; padamaran iku kang digawe kudu mas gemblengan, iya sikilane iya adeg-adege; dalah rerekane slaga, kudhup lan kembange padha kagawea iras-irasan karo padamarane.
Siji-sijine pang anaa rerekane slaga kembang saked nelung iji, karo rerekan kudhup lan kembang, dadine pang nem kang metu saka padamaran iku iya gawenen kaya mangkono.
Rerekan kudhup siji anaa kang kapasang ing ngisore pang sajodho kang kapisan kang metu saka padamarane, siji maneh ing ngisore pang kang kapindho lan siji maneh ing ngisore kang katelu, mangkono mungguh pang nem kang metu saka ing adeg-adege padamaran mau digawea padha.