“Sira ndhawuhana marang sadulurira Harun saanak-anake, saka ing satengahe wong Israel, supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun; yaiku Harun lan anak-anake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.
Sira ndhawuhana marang sakehe para ahli, kang wus Sunesoki rohing kawasisan, padha konen gawe sandhangane Harun, kanggo nucekake dheweke, supaya dadia imam lumados marang Ingsun.
Iki sandhangan kang kudu digawe: tutup dhadha, kotang efod, jubah, kemejan tenunan endah, serban lan sabuk, yaiku sandhangan kang suci kanggo kakangira Harun lan anak-anake, supaya padha ngimamana lumados marang Ingsun.
Sabuk kang kanggo ningseti kotang efod iku kudu padha panggarape lan kagawe iras-irasan karo kotang efod mau, bakale iya mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.
patrape kaya juru ngukir sesotya, saemper ngukir cap, kaya mangkono anggonira ngukir jenenge para anake Israel ana ing sesotya loro mau; banjur sira wenehana embanan mas.
Sesotya loro iku kapasanga ana ing pundhakane kotang efod minangka sesotya pangeling-eling kanggo wong Israel; Harun kang kudu nggawa jenenge ana ing pundhake marang ing ngarsaning Sang Yehuwah sarta dadia pangeling-eling.
Lan sira kudu gawe tutup dhadha, piranti kanggo nibakake kaputusan, garapaning ahli. Panggarape padha kaya kotang efod, kang kagawe: mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.
Sesotya iku kaetrapana jenenge para anake Israel, mulane cacahe kudu rolas. Lan ing saben sotya diukirna jenenge, niji miturut taler rolas, kaya patrape gawe cap.
Karo maneh sira gawea gelangan mas loro sira etrapna ing pundhakane kotang efod, kaprenah ngisor perangan ngarep, mepet ing sambungane, ing sadhuwure sabuke kotang efod.
Sawuse mangkono gelangane tutup dhadha iku padha sira talenana mandhuwur oleh gelangane kotang efod srana tali wungu tuwa kaprenah tumumpang ing dhuwur sabuke kotang efod, lan tutup dhadha iku ora kena kapisah karo kotange efod.
Mangkono Harun anggone ngemban jenenge para anake Israel ana ing sadhuwuring atine dumunung ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku samangsa lumebu ing pasucen, supaya dadia pangeling-eling kang tetep ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.
Lan ana ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku sira pasangana Urim lan Tumim, ana ing sadhuwure jantunge Harun samangsa lumebu seba ing ngarsaning Yehuwah; mangkono Harun anggone tansah ngemban karampungane keputusan tumrap wong Israel, ana ing sadhuwure atine ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.
Ing pungkasane jubah iku kaetrapana rerekan delima lawe wungu tuwa, lawe wungu nom lan lawe jingga mubeng temu gelang, kaseling-seling karo klinthingan mas,
Jubah iku dianggoa Harun samangsa nindakake pangibadah, lan unine klinthingan mas mau bisaa keprungu samangsa lumebu pasucen marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan uga samangsa metu, supaya aja nemahi pati.
Blebekan iku anaa ing bathuke Harun lan Harun kudu nyangga akibate kaluputan tumrap samubarang kang disucekake dening wong Israel, yaiku tumrap sadhengah kang dadi pisungsung sesengkerane. Blebekan mau kudu tetep tumempel ing bathuke, supaya wong Israel iku katrimah ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.
Sandhangan mau sira anggokna marang kakangira Harun lan anak-anake, sarta sawuse iku banjur sira jebadana, sira wisudhaa lan sira sucekna, supaya padha dadi imam lumadi marang Ingsun.
Iku kudu dianggo Harun dalah anak-anake samangsa lumebu ing Tarub Pasewakan utawa samangsa nyedhaki misbyah perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, supaya aja nganti kaluputan lan banjur mati. Iku dadia pranatan ing salawase tumrap Harun lan para turune.”