Nabi Musa banjur nglempakake sapasamuwane wong Israel kabeh, sarta padha dipangandikani mangkene: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah supaya padha dilakoni.
Nem dina wong padha nindakna pagaweane, nanging ing dina kapitu kudu ana wektu ngaso kang suci, yaiku Sabat, dina ngaso babar pisan kagem Pangeran Yehuwah. Sadhengah wong kang nglakoni pagawean ing dina iku, kudu kaukum pati.
Sira padha ngaturna pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah saka kang sira duweni. Saben wong kang legawa atine iku nggawaa pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah: mas, selaka, tembaga,
Sawuse mangkono saben wong kang adreng atine, kanthi lila legawa padha ngaturake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah, kanggo pagawean mgrampungake Tarub Pasewakan lan kanggo sakehing kaperluan pangibadah ana ing kono apadene kanggo yasa sandhangan suci.
Sakehe wong kang lila legawa atine, lanang wadon, padha teka nggawa anting-anting irung, anting-anting kuping, ali-ali cap lan kalung, sawernaning barang mas-masan; mangkono uga saben wong kang nyaosake pisungsung mas kagem Pangeran Yehuwah minangka pisungsung goyangan,
lan saben wong kang duwe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus, wulu wedhus, lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang, apadene lulang dhuyung, iya teka nggawa iku.
Saben wong kang arep nyaosake pisungsung-mligi awujud selaka utawa tembaga, iku iya teka kalawan nggawa pisungsung-mligi iku konjuk marang Sang Yehuwah, lan saben wong kang duwe kayu sittah, iya teka nggawa iku kanggo ngedegake tarub iku.
Karodene sakehe wong wadon kang ahli, padha ngantih dhewe banjur nggawa kang wus diantih mau, yaiku bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus.
Sakehe wong lanang lan wadon kang legawa atine padha nguruni kanggo sabarang gegawean kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa supaya digarap wong-wong iku, yaiku wong Israel, iku padha ngladekake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.
padha kaparingan keahlian bisa nggarap sarupane pagawean tukang, gaweane wong kang ahli, nggarap barang sulaman kang manca-warna saka bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus, apadene tenunan, ringkes bisa nggarap sakabehe pagawean lan ngrancang rupa-rupa.