Kaya mangkono anggone kudu nyambut-gawe Bezaleel lan Aholiab lan saben wong kang ahli, kang wus kaparingan keahlian lan pangreten dening Sang Yehuwah, temah padha ngreti pratikele nggarap sarupane pegawean kanggo ngadegake pasucen, nyondhongi apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah.”
Nabi Musa banjur nimbali Bezaleel karo Aholiab lan saben wong kang ahli, kang ing sajroning atine wus padha kaparingan kawasisan dening Pangeran Yehuwah, iya sakehe wong kang legawa atine supaya padha teka nindakake pagawean iku.
Iku nuli padha nampani saka astane Nabi Musa sakehe pisungsung-mligi atur-ature wong Israel kanggo ing ayahan ngadegake pasucen. Nanging wong Israel iku saben esuk isih terus ndlidir bae anggone padha ngaturake pisungsung manasuka marang Nabi Musa.
banjur padha sowan marang ing ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Tiyang-tiyang anggenipun sami ngaturaken sampun nglangkungi saking ingkang dipun betahaken kangge ngayahi padamelan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah.”
Nabi Musa tumuli dhawuh ngudhangake ana ing palereban, mangkene: “Wong lanang utawa wadon wus ora susah nggawa apa-apa maneh minangka pisungsung-mligi kanggo ing pasucen.” Mangkono dadine rakyat mau kapenggak anggone ngaturake pisungsung maneh.
Ing antarane para tukang-tukang mau kang ahli banjur padha nggarap Tarub Suci kanthi migunakake tendha lena alus kang benange kaantih lan bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, lan bakal jingga cacahe sapuluh; lan ana kerube gaweane ahli tenun, kabeh iku kagawe ing wong.
Banjur gawe kolongan tali seket kaetrapake ing pinggiring tendha sambungan kang siji ana ing pungkasan, lan kolongan seket ing pinggiring tendha sijine.
blabag rong puluh mau digawekake ompak selaka patang puluh, dadi saben blabag siji ompake loro kanggo purus loro mau, lan sabanjure saben blabag siji ompake loro kanggo purus loro.
Blabag loro mau ing ngisor lan ing dhuwur padha plek lan gandheng nganti tekan ing gelangan kang kapisan; kaya mangkono anggone gawe karo pisan ana ing pojok loro mau.
Banjur gawe klambu ngarep, kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus kang benange kaantih, kadokokan kerub gaweaning ahli tenun.
Klambu iku kagawekake cagak kayu sittah papat kang kablongsong ing mas, canthelane iya mas, sarta cagak-cagak iku padha kadokokana ompak salaka cor-coran papat.
Lawange Tarub iya kagawekake klambu, kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus kang benange kaantih: tenunan kang manca-warna,