Karodene iya digawekake gelangan mas cor-coran patang iji padha kaetrapake ing pojoke ngisor papat pisan, yaiku gelangan loro ana iringan kang siji, gelangan loro maneh ana iringan sijine.
Kerub kang siji ana ing pungkasaning sisih kenene, lan kerub sijine ana ing pungkasaning sisih kananing tutup, kerub sakarone padha digawe irasan karo tutup pangruwatan mau kaprenah ing poncot karo-karone.
Lan iya gawe piranti kang tumumpang ing meja iku, yaiku pinggan lan piring, tuwung lan kendhi, kang kagawe ngesok kurban unjukan, kabeh kang kagawe mas murni.
Karomaneh iya gawe padamaran mas murni, padamaran iku kang digawe mas gemblengan, iya dhasare iya sikilane, iya adeg-adege lan slagane, kudhupe lan kembange, kabeh padha kagawe irasan.
Siji-sijine pang ana rerekane salaga kembang saked telung iji karo rerekan kudhup lan kembang; dadi pange nem kang metu saka padamaran iku iya padha kaya mangkono kabeh.
Ana kudhup siji kaprenah ing sangisore pang sajodho kang kapisan kang metu saka padamaran iku, ana siji ing sangisore pang sajodho kang kapindho, ana siji ing sangisore pang sajodho kang katelu; kaya mangkono panggawene pang nem kang metu saka ing adeg-adege padamaran.
Bezaleel iya gawe misbyah padupan, kayu sittah kang digawe, dawane saasta, ambane iya saasta, dadi pesagi, nanging dhuwure rong asta, sungu-sungune iras-irasan karo misbyahe.
Karodene iya dipasangi gelangan mas loro kaprenah sangisore plisir ana ing iringan kiwa tengen ing sisih loro-lorone, kanggo slobokan pikulane kang kagawe ngusung misbyah iku.