Bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga iku dianggo gawe sandhangan dhines, kang kanggone samangsa nindakake pangibadah ana ing pasucen; uga gawe sandhangan suci kagem Rama Harun, kaya kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Mase mau digembleng nganti dadi blebekan tipis, banjur dirajang-rajang dadi benang mas, kanggo nyampuri lawe kang wungu tuwa, lan wungu nom sarta lawe jingga disulamake ing lena alus, gaweaning ahli.
Sabuke kotang efod iku iras-irasan, panggawene padha karo kotang efod, yaiku: mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih, kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
Banjur padha dipasang ana ing tutup pundhake kotang efod minangka sesotya pangeling-eling kanggo wong Israel, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
Sarta iya padha gawe tutup dhadha, gaweaning ahli, patrape kaya gawe kotang efod, kang digawe mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih.
Sesotya iku cocog karo namane para putrane Rama Israel, cacahe rolas lan saben sesotya diukiri salah sijine jenenge suku saka suku rolas iku, patrape kaya ngukir cap.
Karodene iya padha gawe gelangan mas loro dietrapake ing tutup pundhake kotang efod loro-lorone, ana ing ngisor sisih ngarep, mepet sambungane ing sadhuwure sabuk kotang efod.
Tutup dhadha mau gelangane nuli padha ditaleni oleh gelangane kotang efod sarana tali wungu tuwa, dadi tetep ana ing sadhuwuring sabuke kotang efod, lan tutup dhadha iku ora bisa pisah karo kotange efod, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
dadi saben klinthingan siji, delimane siji selang-seling ing pinggire jubah mubeng, kanggone samangsa nindakake pangibadah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
sarta paningsete lena alus kang benange kaantih, bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga, tenunane manca-warna, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Blebekan mau kawenehan tali wungu kanggo nalekake blebekan iku ing serban ana ing sisih dhuwur, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Kaya mangkono anggone ngrampungake sakehe pagawean kang lumadi marang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan. Wong Israel anggone padha nggarap iku ngetrepi kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono anggone nggarap sakabehe.
klambu plataran, cagak saompake, geber kanggo gapuraning plataran, tali dalah pathoke, sakehe piranti kang kanggo ngadegake Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan,
sandhangan dhines kang dianggo samangsa nindakake pangibadah ana ing pasucen; sandhangan suci pangagemane Imam Harun, lan sandhangane para putrane kanggo ngimami.
Nabi Musa tumuli mriksani sakehe gegawean iku, pranyata anggone padha nggarap iku cocog karo kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, kaya mangkono anggone padha tumindak ing gawe. Wong-wong mau tumuli padha diberkahi dening Nabi Musa.