|
| 1 |
|
| He anakku, manawa kowe nampani tembung-tembungku, lan nyimpen prentahku ana ing sajroning atimu, |
|
| 2 |
|
| temah kupingmu nggatekake marang kawicaksanan, sarta atimu kokadhepake marang kapinteran, |
|
| 3 |
|
| lan manawa kowe njaluk tulung marang pangreten, lan ngenerake swaramu marang kapinteran, |
|
| 4 |
|
| manawa iku kokupaya kaya golek salaka, lan pangoyakmu kaya mburu rajabrana kapendhem, |
|
| 5 |
|
| kowe tumuli bakal nemu pangreten bab wedi-asih marang Pangeran Yehuwah lan oleh kawruh bab Gusti Allah. |
|
| 6 |
|
| Awitdene Sang Yehuwah kang paring kawicaksanan, saka ing lesane miyos kawruh lan kapinteran. |
|
| 7 |
|
| Panjenengane nyawisi pitulungan marang wong kang jujur, -- Panjenengane iku dadi tetamenge para wong kang lakune tanpa cacad -- |
|
| 8 |
|
| kambi njagi lakuning kaadilan, lan ngreksa lakune para kagungane yaiku wong kang padha setya. |
|
| 9 |
|
| Mangkono dadine kowe bakal ngreti bab kabeneran, kaadilan, lan kejujuran, malah sarupane dalan kang becik. |
|
| 10 |
|
| Awitdene kawicaksanan bakal lumebu ing atimu sarta kawruh iku bakal nyenengake nyawamu; |
|
| 11 |
|
| kawicaksanan bakal ngopeni kowe, sarta kapinteran bakal rumeksa marang kowe, |
|
| 12 |
|
| supaya kowe kaedohna saka ing dalan kang ala, saka wong kang nglairake apus krama; |
|
| 13 |
|
| saka wong kang padha ngungkurake dalan kang lurus lan lumaku ing dalan kang peteng; |
|
| 14 |
|
| kang seneng nindakake piala, sarta surak-surak marga saka kadursilane; |
|
| 15 |
|
| kang menggak-menggok lakune lan kang keblinger tindak-tanduke; |
|
| 16 |
|
| karomaneh supaya kowe uwal saka wanita tuna-susila, lan wong wadon liyane kang lunyu tembung-tembunge, |
|
| 17 |
|
| kang ninggal bojone jaka-lara, sarta lali marang prasetyane Gusti Allah; |
|
| 18 |
|
| lan omahe ilang ambles marang pati, sarta dalane anjog ing papaning arwah-arwah. |
|
| 19 |
|
| Sapa kang marani wong iku, ora bisa bali, lan ora bisa tumeka ing dalaning urip. |
|
| 20 |
|
| Mulane lumakua ing dalane wong kang becik, nirua lakune wong mursid. |
|
| 21 |
|
| Marga wong jujur kang bakal padha ngenggoni tanah, lan para wong kang tanpa cacad bakal padha tetep manggon ing kono, |
|
| 22 |
|
| nanging para wong duraka bakal padha kasirnakake saka ing tanah iku, sarta wong kang laku cidra bakal padha kabuwang saka ing kono. |
|
|
|
|