-- Kekasihku iku ana ing satengahe para nom-noman kaya wit apel ing satengahing wit-witan ing alas. Aku kepengin lungguh ana ing ayome, wohe legi tumrap ing cethakku.
He, para putri ing Yerusalem, kowe padha sunsupatani, demi kidang-kidang utawa menjangan wadon ing ara-ara; kowe aja nggugah lan ngobahake katresnan, sadurunge dikarepake!
Kekasihku iku kaya kidang, utawa anak menjangan. Delengen, panjenengane jumeneng ing saburining tembok kita, kambi ngungak-ungak liwat cendhela-cendhela lan nginjen ing ruji-ruji.
Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang, ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung, pamerna paraupanmu, wetokna suwaramu; amarga arum suwaramu, lan endah warnamu!”
Sadurunge angin sore midid lan ayang-ayang ilang dhuh kekasih kawula, Paduka mugi kersaa wangsul, saha karsaa tumindak kados kidang utawi kados anak sangsam ingkang wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi!